Wednesday 4 December 2013

EWUH KUWI NGEWUHAKE



EWUH KUWI NGEWUHAKE
Dening Arih Numboro*)

Manawa arep ngancik sasi becik, ateges wis wiwit akeh maneh sumbangan lan amplop kumleyang saka saben omah tumuju menyang papane wong duwe gawe. Kamangka saben sasi becik, akeh wong ambegane melar mingkus jalaran akehe sumbangan sing kudu dilakoni.
Ing petung Jawa, ing sasi-sasi wektune akeh wong duwe gawe, ateges bisa dimesthekake bakal ana sumbangan. Bebrayan Jawa wis apal marang sasi-sasi kasebut. Lan saben-saben tumapake sasi kasebut banjur ana sambat sebut anane akehe ulem lan akehe sumbangan wis mesthi bakal keprungu ing saben wong. “Aku ya wis panen. Panen ulem,” “Bingung olehe arep njereng-jereng,” ngono pisambate saka saperangan gedhe pawongan.
Ora mung dhuwit sing kudu metu saka simpenene, nanging tenaga lan eguh pretikel uga bakal diwetokake. Dadi kena diarani, tomboke tumpuk-tumpuk. Mula kena diarani untung manawa ora ana tangga sing duwe gawe senajan ta uleme tumpuk undhung ing meja, jalaran tenagane ora diperes nganti dina-dina ing papane tanggane sing duwe gawe kasebut.
Ngono kuwi mau ing karang padesan. Seje maneh ing kutha. Wong duwe gawe ora tau ngrepotake tanggane. Kabeh ubarampe kapreluwane duwe gawe wis ana kang nyukupi, kalebu tenagane pisan. Dadi repote wong duwe gawe ora nyolok mata. Apa maneh manawa papan pahargyan ora ana ing daleme kang duwe gawe nanging ing gedhong sewan kanggo pahargyan. Bubar tumapake gawe, ya banjur sepi maneh kaya ora mentas bubar nganakake pahargyan gedhe.



Dina Becik
Mungguh carane wong arep duwe gawe utawa duwe prelu mau, miturut adat-kalumrahane, nganggo milih wektu kang sinebut prayoga, kaya ta: milih sasi kang becik, milih dina lan tanggal kang becik, nyingkiri kang padha sinebut dadi sirikan, nyingkiri kang sinebut waler-sangkering wuku, sarta nganggo milih sangat kang prayoga.
R. Tanaya ing buku riptane “Primbon Agung Budaya Naluri” paring katrangan manawa bakune wong duwe gawe yaiku ing wektu utawa sangat. Wong duwe gawe mantu bakune wektu ing paningkahe temanten; bakune wektu wong duwe gawe tetakan ing pangirise marang kang ditetaki; wong duwe prelu ngadegake omah sapepadane, iku bakune wektu kang prelu ana ing wektu adeging saka guru papat, utawa unggahing molo; lan sapiturute.
Ing kene dicontokake wong arep duwe gawe mantu, manawa rada dijalimetake pametunge, luwih dhisik kudu nyumurupi dina naasing bapa biyung, awit tumrap kanggo wong duwe gawe mantu, lumrahe nyirik dina naasing bapa biyung, iya iku dina lan pasaran nuju geblage bapa-biyunge wong kang duwe gawe mantu lanang wadon, lan geblage bapa-biyunge besane lanang wadon, apa dene nuju geblage bapa-biyunge panganten lanang wadon, manawa panganten mau wis tininggal ing bapa utawa biyunge.
Ana sawenehing kaol, sasi kang wis tau kanggo nikahan bapa-biyunge panganten lanang wadon, iku kasirik yen kanggo nikahan panganten mau. Dadi genahe, sasi kang arep dianggo nikahake anake, iku aja nganti tumbuk karo sasi kang wis tau dianggo nikahan bapa-biyunge.
Wong arep duwe gawe mantu, kudu nyumurupi taun apa kang arep dianggo nindakake kawigaten iku, prelune kanggo mekani aja nganti nerak dina sangaring taun sajrone taun iku, iya iku dina dalah pasarane kang dadi tanggaling sapisan ing sasi Sura ing taun iku, upamane ing taun Alip iku sangare ing dina Selasa Pon, yen taun Ehe iku sangare ing dina Sabtu Paing.
Wong arep duwe gawe mantu, kudu ngreteni prenahing padunungane dhewe lan padunungane bakal besane, prelune kanggo ngarah laku panyantrining panganten lanang marang panggonaning panganten wadon, sarta boyonging panganten lanang wadon marang panggonaning panganten lanang, aja nganti narajang panggonaning Jatingarang.
Sawise ngengeti bab-bab kasebut ing dhuwur iku, samengko banjur nindakake pamilihing sasi kang becik. Sawise iku, nuli milih Min-ladun-I kang tinemu becik. Nuli miliha dina kang becik, iya iku saselane dina kang ala, kaya kasebut ing bab-bab: 1. Waktu tumuruning sakeh kabilahen; 2. Pasaran sangar lan srining sasi; 3. Dina sangar lan laranganing sasi sarta rahayu lan sarjuning sasi; 4. Tumbuking sangar lan tumbuking sri-rahayu; 5. Wewadine dina naasing sasi.
Sawise iku, nuli milih tanggal kang becik, iya iku saselane tanggal kang ala, kaya kang kasebut ing bab-bab: 1. Sajarah sangaring taun; 2. Sajarah waktu naas Nabi pepitu; 3. Sajarah waktu bangas; 4. Sajarah tanggal naasing sasi; 5. Kawigatene naasing tanggal; 6. Wewadine secaning sasi; 7. Tanggal kanggo adeging tarub mantu.
Sawise iku, banjur kalimbang karo waler-sangkering wuku, aja nganti narajang dina-dina kang pinuju: Tali-wangke, Sampar-wangke, Sarik-agung, Dhungulan, Kala-Dite, Kala-Mendhem. Sawise tinemu pamilihing sasi, dina lan tanggal kang prayoga, sarta sepen saka waler-sangkering wuku samengko kari milih sangat kang becik.
Pamilihe dina kanggo duwe gawe kasebut wis ngewuhake.

Ewuh kuwi Ngewuhake
Tembung “ewuh” iku tembung ngoko, kramane “ewed”. Ing bausastra Jawa tegese lagi nindakake pagawean”utawa duwe gawe”, ewuh pakewuh tegese ribed atine; ora gampang ditindakake (diliwati lsp, marga ana sing ngrewangi); ewuh-ewuh tegese “duwe gawe; diewuh-ewuh tegese dingel-ngel; diewuh-ewuhi tegese dipun-pakewedi (krama), diribedi, dialang-alangi, dingel-ngel.
Manut teges kang wis kacetha kasebut nuduhake manawa tembung “ewuh” duwe teges beda-beda, yaiku duwe gawe, lan ribed. Kanyatan kang lumaku ing warganing bebrayan, wong duwe gawe (ewuh) kuwi pancen ngewuhake tumrap sapa wae, yaiku kang duwe gawe lan uga tangga teparo, lumerege marang bebrayan kang mapan ing liya desa lan liya panggonan kang luwi jembar.
Tumrap kang duwe gawe bakal ngribedi utawa ngrusuhi marang tangga teparo, embuh kuwi tenaga, pikiran, utawa bandha. Tangga teparo mesthi dijaluki eguh pertikel wiwit ngrancang anggone bakal duwe gawe nganti tumekane rampung-rampungan.
Bab kang mangkono iku ateges ngewuhake tangga teparo. Tangga teparo mesthi bakal kadunungan rasa pekewuh manawa ora bisa rukun klawan kang duwe gawe. Manawa kepeksa ora bisa guyub, tundhone mesthi bakal dadi rasanan kang ora becik. Apese, banjur mengkone ora bakal diguyubi dening tangga liyane jalaran wis dianggep ora lumrah lan ora rukun. Mula senajan ta abot, ya kudu mara asok tenaga lan bandha.
Tumrap warga ing bebrayan kang oleh ulem uga bakal rumangsa dipekewuhi manawa ora teka lan nyumbang. Senajan ta mangkono isih luwih entheng yen katandhing klawan tanggane kang wong duwe gawe. Wong kang mapane adoh (dudu tangga) mesthine mung “kepasrahan” nyumbang dhuwit utawa gula teh utawa beras. Ora perlu nyumbang tenaga lan pikiran. Nanging mesthine tetep krasa abot manawa ulem ing mejane tumpuk-tumpuk kaya gunung. Yen ora nyumbang biyen wis tau disumbang? Yen ora nyumbang wong mengkone bakal duwe gawe? Yen nyumbang kok bingung olehe ngedum dhuwit? Ngewuhake.
Ana tradisi mbesan kang lumaku ing bebrayan. Manawa ana sawijining wong bakal ngrabekake anake lanang lumrahe banjur ngajak tangga teparo jagong menyang bakal temanten wadon. Tangga teparo lumrahe padha nyumbang marang kang ngrabekake kasebut kang bakale dipasrahake marang wong tuwane temanten wadon. Wis dadi kalumrahan uga, manawa sepasaran mantu, temanten diboyong menyang papane wong tuwane temanten lanang kang diarani ngundhuh. Ing sajrone ngundhuh kuwi, manawa kang duwe gawe nampa sumbangan, tangga teparo banjur aweh sumbangan maneh marang kang duwe gawe kang maune wis disumbang nalika ngajak mbesan. Ateges tangga teparo anggone nyumbang kaping pindho. Apa ora ngewuhake?
Ana maneh tradisi ngajak uwong. Ngajak wong iku meh padha karo mbesan. Bedane kang ngajak iku dudu besane kang duwe gawe nanging sedulur utawa tepungan raket. Upamane si A duwe sedulur si B kang dununge ing liya desa/kutha kang duwe gawe mantu. Si A ngajak nyumbang tanggane marang si B senajan tanggane kasebut durung ngerti utawa durung tepung si B. Ngewuhake ta?

Tasyakuran?
Tasyakuran apa golek bathi? Ukara kuwi sok kawetu saka saperangan wong kang kritis nyetitekake tetembungan ing ulem. Pancen ora kena disalahake panemu kasebut jalaran ing meh saben ulem ana tetembungan “tasyakuran”. Manut saperangan wong, tembung kasebut nduweni teges yen bakal seneng-seneng jalaran saka olehe antuk kanugrahan. Lah, wong seneng-seneng kok njaluk sumbangan? Apa ora kuwalik ta kuwi? Kudune malah aweh sumbangan, ora kok malah njaluk. Ironis ta? Senajan pratelan kasebut dhapur guyonan, nanging rak ya bener ta?
Ana maneh guyonan mangkene: “Wis, yen pancen ora duwe dhuwit ya, ora sah nyumbang wong kowe ora dijaluki sumbangan. Kowe rak mung dijaluki donga pangestu ta?”
Sing kebangeten maneh uleme wong kutha. Manawa pahargyan dianakake ana ing gedhong pahargyan, mesthi ana ukara: “Mohon maaf, kami tidak menerima tamu selain di gedung.” “Dengan tidak mengurangi rasa hormat, kami hanya menerima tamu di gedung.” Coba, apa ora kebangeten ta kuwi. Gelem nampa sumbangan nanging ora gelem rekasa. Sing saya kebangeten lan ngisin-isini kuwi ukara: “Dengan tidak mengurangi rasa hormat, kami tidak menerima sumbangan dalam bentuk barang.” Harataya....!!!
Senajan ta mangkono ana wong kang perwira nalika duwe gawe. Ing uleme ditulis: “Dengan tidak mengurangi rasa hormat, kami tidak menerima sumbangan dalam bentuk apapun.” Ukara kuwi nyata, jalaran aku nate nampa ulem kang kaya mangkono.
Hhhh…. wong ewuh kuwi pancen ngewuhake!!!
*) Arih Numboro
Guru Basa Jawa ing SMP Negeri 2 Kismantoro, Wonogiri

No comments:

Post a Comment