Wednesday 4 December 2013

CANGKRIMAN KANGGO NGASAH LANTIPE PIKIR



CANGKRIMAN KANGGO NGASAH LANTIPE PIKIR
Kaaturake dening Arih Numboro*)
1.    Pambuka
Bubar sholat 'Isyak ing masjid utawa ing langgar, bocah-bocah padha kumpul ing plataran lelungguhan dadi siji karo wong-wong tuwa sing luwih dhisik ana kono utawa gawe kalangan dhewe, banjur padha rembugan ngalor-ngidul, ana sing padha cangkriman, gobag sodor, jamuran, wilwa, lan sapanunggalane.
Kuwi mau gambarane bocah-bocah ing desaku nalika aku isih cilik. Saiki jamane wis beda. Bocah saiki wis arang-arang sing ngerti marang cangkriman, gobag sodor, benthik, jamuran, wilwa, betengan, lintang alihan, endhog-endhogan, cublak-cublak suweng, lan sapanunggalane. Nanging yen ditakoni ngenani Doraemon, Spongebob, Upin-Ipin, Shaun the Sheep, lan sapanunggalane, bakal kanthi lancar nyritakake ngenani film-film kuwi mau amarga dheweke pancen luwih seneng nonton televisi.
Ing kalodhanga iki, aku bakal ngandharake sethithik ngenani salah sawijining dolananku, yaiku cangkriman, kanthi pamrih supaya para maos bisa kelingan maneh marang pakulinan kang nyenengake iku, banjur nularake marang putra-putrane. Amarga cangkriman mono mujudake asil budidayane bangsa Jawa kang banget nengsemake.


Cangkriman utawa badhekan utawa uga ana kang ngarani bedhekan, iku mujudake unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang, dibadhe kekarerape, amarga tetembungan mau nduweni teges kang ora sabenere. Lumrahe, cangkriman pancen nganggo tembung-tembung pitakon. Tuladhane mangkene: "Pak boletus apa?"; "Apa batangane sega sakepel dirubung tinggi?"; "Gajah midak endhog pecah apa ora?"; "Lawa telu kalong loro ana pira?"; "Lha, yen pitik walik saba kebon?"; "Pak bomba, pak lawa, pak piyut?" lan sapanunggalane.

2.    Warnaning Cangkriman
Ing perangan iki bakal diandharake warna-warnaning cangkriman kang kaperang dadi patang warna, yaiku kang wujud tembang, wancahan, pepindhan, lan blenderan.
  1. Cangkriman tembang
Cangkriman tembang iki wujude tembang macapat kang nyritakake sipat-sipating sawijining barang kang kudu dibatang. Lumrahe tembang sapada kanggo sacangkriman, senajan ana uga satembang kanggo pirang-pirang cangkriman.
Tuladha:
·         Pocung
Bapak pocung laire tinitah bisu / lamun rinaketan / pinarsudi den temeni / mung sarana pinandeng wruh basanira (batangane tulisan/layang).
·         Kinanthi
Wonten kadang kathahipun / kalih welas pekik-pekik / kang nenem karemanira / akekeceh siyang ratri / kang nenem ajrih ing toya / gurunira sang hyang rawi (batangane mangsa rolas, nenem mangsa rendheng, nenem mangsa katiga).
·         Mijil
Retnaning dyah lami ateteki / sajroning paturon / saking dahat amati ragane / katarima nulya salin warni / busana sarwadi / kawasa pinunjul (batangane enthung, teki = tapa, sarwadi = sarwa adi, sarwa endah).
Tembang macapat kabeh bisa kanggo sarana cangkriman, nanging kang lumrah dianggo cangkriman yaiku tembang pocung. Kang mratah dadi apalan dening para siswa ing sekolahan lan banjur kanggo cangkriman ana ngomah yaiku tembang Pocung kang unine mangkene:
bapak pocung cangkemu marep mandhuwur / sabamu ing sendhang / pencokanmu lambung kering / prapteng wisma si pocung mutah guwaya (batangane klenthing utawa jun)
  1. Cangkriman Wancahan
Cangkriman wancahan iku wujude wancahan utawa cekakan tembung-tembung saka ukara kang digunakake kanggo cangkriman. Dene carane nyekak tembung iku manut marang kang salumrahe dumadi ana ing cekakan basa Jawa, yaiku kanthi ngilangake wanda-wanda (basa Indonesia = suku kata) kang ngarep. Dadi kang digunakake rong wanda kang pungkasan utawa sawanda kang pungkasan, tuladha: bapak dadi pak, kebo dadi bo, tracake dadi cake, bapak cilik dadi pak lik, jeneng Suparyana manawa diundang cukup na bae, gedhe dhuwur dadi dhewur, idu abang dadi dubang,lan sapiturute.
Perlu sethithik kawuningan, manawa ing basa Jawa, cekakan utawa wancahan tembung kukume wis gumathok, yaiku kaya kang wis kasebut ing dhuwur mau. Dadi ora bakal kaprangguli wancahan kanthi ngilangake perangane tembung kang buri utawa sageleme anggone nyekak. Bab iki beda banget kalawan ing basa Indonesia kang tinemu ing koran-koran utawa ing televisi: anggone nyekak tembung sageleme dhewe. Tuladhane: 'sembilan bahan pokok' dicekak sembako, 'Dewan Perwakilan Rakyat' dicekak DPR, 'Mentri Koordinasi Politik dan Keamanan' dicekak Menkopolkam. Ing acara televisi kaya ta: Intips cekakan saka informasi dan tips, Jelita cekakan saka jendela informasi wanita, Pesta cekakan saka pentas sejuta aksi, Kiss cekakan saka kisah seputar selebriti, lan sapanunggalane kang cacah lan wujude maneka warna. Bab iki dakkira jumbuh kalawan unen-unen basa Jawa: seje endhas seje panggagas, seje udel seje ungel, lan (nuwun sewu) seje silit seje anggit!
Tuladha cangkriman wancahan:
Ø  Pak Kenthik = tepak teken sethithik.
Ø  Pak Bomba, Pak lawa, Pak Piyut = tepak kebo amba, tepak ula dawa, tepak sapi ciyut.
Ø  Mbulan kirna = tumbu neng dalan singkirna.
Ø  Wiwa wite lesmba dhonge = uwi dawa uwite tales amba godhonge.
Ø  Kaba ketan = nangka tiba neng suketan.
Ing perangane cangkriman wancahan iki manawa digatekake ana cangkriman kang wujude tembung prasasat dudu tembung saka basa Jawa nanging tembung saka basa manca, kaya ta:
Ø  Ling cik tu tu ling ling yu (basa Mandarin) = maling mancik watu, watune nggoling malinge mlayu.
Ø  Burnas kopen (basa Walanda) = bubur panas kokopen.
Ø  Lut maendhut yu mae rong (basa Inggris) = welut omahe ngendhut, yuyu omahe ngerong.
  1. Cangkriman Pepindhan (Irib-iriban Barang)
Cangkriman pepindhan wujude meh padha kalawan cangkriman tembang. Kekarone nyebutake kaanan utawa sipat-sipating sawijining barang, mung wae kang mbedakake yaiku cacahing ukara kang digunakake. Ing cangkriman tembang nggunakake ukara luwih saka siji kang diwujudake tembang, dene cangkriman pepindhan wujude ukara dudu tembang, lan lumrahe nggunakake saukara, pancen ana kang nggunakake ukara luwih saka siji.
Tuladhane cangkriman pepindhan:
Ø  Pitik walik saba kebon = nanas.
Ø  Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo = gudel.
Ø  Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk = tuntut (kembang gedhang).
Ø  Anake gelungan, ibune ngrembyang = pakis.
Ø  Wit adhakah woh adhikih = ringin (adhakah = gedhe, adhikih = cilik).
Ø  Wit adhikih woh adhakah = semangka.
d.      Cangkriman Blenderan
Blenderan uga diarani plesedan. Dene cangkriman blenderan iku wujude ukara kang wus cetha tegese, nanging teges kang tinulis kuwi mau dudu teges kang sabenere (dikarepake). Cangkriman blenderan ana kang rinipta ing tembang ana kang ora. Wujude tembung kang digunakake yaiku tembung wancah lan homonim (tembung siji kang duwe teges beda-beda).
Tuladhane cangkriman blenderan:
Pangkur
Badhenen cangkriman ingwang / tulung-tulung ana gedhang awoh gori / ana pitik ndhase telu / gandhenana endhasnya / kyai dhalang yen mati sapa sing mikul / ana buta nunggang grobag / selawe sunguting gangsir
Batangane: gori = ditegori; telu = dibuntel wulu; gandhenana = gandhen ana; dhalang = kadhal lan walang; buta = tebu ditata; selawe (lawe) = bolah, benang.
Tuladha liyane:
Ø  Lawa telu kalong loro ana pira? (lawane telu karo kalonge (lawa gedhe) loro dadi ana lima).
Ø  Gajah midak endhog pecah apa ora? (batangane = ora. Mosok bareng midak endhog gajahe banjur pecah).
Ø  Endhog karo pitik dhisik endi? (batangane dhisik endhoge. Olehe nyebutake dhisik endhoge).
Ø  Ana kedadean aeng: pitik endhase telu, digandhenana endhase, dibubutana wulune, kathik bisa mabur (katrangane: digandhenana endhase karepe 'gandhen ana endhase', tegese dudu 'senajan digandheni endhase'; dibubutana wulune karepe 'bubut ana wulune' (bubut iku ewoning manuk), tegese dudu 'senajan dibubuti wulune'; kathik tegese manuk kathik (ewoning manuk, wujude kaya manuk drekuku nanging ulese ijo), dudu tembung panguwuh 'lha kok' utawa lha thik.
3.    Wangsalan
Wangsalan ing bab iki ora kaelokake marang ewoning cangkriman, senajan wujude meh padha kalawan cangkriman. Bedane, wangsalan iki mujudake ukara kangg ana tembung-tembung kang kudu dibatang. Wujude batangan mau ora kanthi cumeplos nanging sinandi ana ing wandane tembung-tembung ing gatra candhake ing ukara iku.
Tuladhane wangsalan:
·         Wilangan wolu lan loro, puluh-puluh wis kebanjur, kepriye maneh? (wolu lan loro = sepuluh).
·         Pring dhempet sunduk sate, besuk maneh yen arep kandha werna-werna, bok ketemu ijen bae, ta (pring dhempet = andha; sunduk sate = sujen).
·         Reca kayu, goleka kawruh rahayu (reca kayu = golek).
·         Sekar aren, Mas, sampun dangu anggen kula ngentosi rawuh panjenengan sekalihan (sekar aren = dangu).
·         Aja percaya marang kandhane Kang Paing, dheweke kuwi mbalung klapa, ethok-ethokan (balung klapa = bathok).
Ing pacelathon padinan, wangsalan kang tanpa nyebutake batangane (tebusane) uga kerep kaprungu. Olehe ora nyebutake batangane iku amarga wong kang diajak wawan gunem wis dianggep ngerti temenan marang tebusane wangsalan kang diucapake, jalaran wangsalan kang diucapake iku kerep kaprungu ing pacelathon padinan ing pasrawungan.
Tuladha:
·         We lha, njanur gunung temen, esuk-esuk kok wis tekan kene.
·         Jenang gula, lho, Dhi!
·         Dupeh kuwasa bae, nguneni wong kok nganak cecak.
·         Eman-eman temen, bagus-bagus kok njangan gori.
·         Aku wingi mentas lunga saka Kutha Bengawan.
Kejaba saka iku, wangsalan uga ana kang awujud tembang tuladhane kaya ing ngisor iki:
Dhandhanggula
Carang wreksa ingkang jamang tambir / nora gampang wong mengku nagara / baligo amba godhonge / kudu santoseng kalbu /tengareng prang andheging riris / den teteg trang den cipta / sendhang nir ing ranu / sasat / ana palagan / kasang toya menyang seta munggeng ardi / yen apes kuwirangan.
Katrangan: carang wreksa = pang; jamang tambir = wengku; baligo amba godhonge = labu; tengareng prang = teteg; andheging riris = terang; nir ing ranu = asat; kasang toya = impes; menyan seta munggeng ardi = wlirang.
Pangkur
Wewangsalan roning kamal / pra anom den ngati-ati / wreksa kang pinetha janma / golek kawruh kang sajati / kolik priya upami / anganggoa reh kang tuhu / kalpika pasren karna / gegelang munggeng driji / aywa tinggal wiwah lali.
Katrangan: roning kamal = sinom; wreksa kang pietha janma = golek; kulik priya = tuhu; kalpika pasren karna = anting-anting; gegelang munggeng driji = ali-ali.
4.    Dudutan
Minangka pungkasaning atur, bakal dakaturake dudutan ngenani kang wus dakandharake ing ngarep:
a.         Cangkriman mujudake salah sawijing kabudayan (kasusastran) Jawa kang meh ilang, kesingkir dening rodha ajuning jaman.
b.         Bocah-bocah jaman saiki wis ora ana sing ngerti marang wujude cangkriman.
Kanthi dudutan cacah loro iku, nuwuhake pitakonan tumrap kita para sutresna kabudayan Jawa, yaiku: "Yagene bisa kelakon kaya mangkono?" Wangsulan ngenani pitakon iku kasumanggakake marang para sutresna kabeh. Sokur-sokur kersa paring tanggapan marang andharanku iki.
Matur nuwun.

No comments:

Post a Comment