Sunday 8 December 2013

Layang Dongeng Sato Kewan



Layang Dongèng Sato Kewan Sapanunggalane
Tinurun Saka Têmbung Walônda Lan Têmbung Inggris Dening Tuwan Karêle Fradêrik Wintêr Ridêr saka Nedêrlan Sêleyo, Juru Basa ing Nagara Surakarta
Kaêcap ping sanga
Kaêcap Ing Kantor Pangêcapane Kangjêng Guprêmèn Ing nagara Batawi, Taun 1923.
--- [5] ---
1. Juru amèk iwak lan iwak cilik
Ana juru amèk iwak mancing ing pinggir kali. Barêng anibakake pancinge, ora antara suwe ana iwak cilik, saka kurang wiweka anyarap pancing, banjur kêna. Saka gêtêre marang gêgantunganing pêpasthèn, awit wus dicêkêl marang kang mancing, arêp dilêbokakê ing kêpis, anuli mêtu akale. Calathu angasih-asih marang kang mancing: dhuh kyai sanak, kula mugi sampeyan êculakên malih, awit taksih alit sapele ingatasipun sampeyan. Sampeyan mancing malih môngsa ngantosa dangu amasthi pikantuk sadasa, ingkang agêngipun ngungkuli kula. Kajêngipun kula agêng rumiyin benjing sampeyan wangsul, kula sampeyan pancing. Juru amèk iwak amangsuli: hèh kônca cilik, rungokna