Layang Dongèng Sato Kewan
Sapanunggalane
Tinurun Saka Têmbung Walônda Lan
Têmbung Inggris Dening Tuwan Karêle Fradêrik Wintêr Ridêr saka Nedêrlan Sêleyo,
Juru Basa ing Nagara Surakarta
Kaêcap ping sanga
Kaêcap Ing Kantor Pangêcapane
Kangjêng Guprêmèn Ing nagara Batawi, Taun 1923.
--- [5] ---
1. Juru amèk iwak lan iwak cilik
Ana juru amèk iwak mancing ing
pinggir kali. Barêng anibakake pancinge, ora antara suwe ana iwak cilik, saka
kurang wiweka anyarap pancing, banjur kêna. Saka gêtêre marang gêgantunganing
pêpasthèn, awit wus dicêkêl marang kang mancing, arêp dilêbokakê ing kêpis,
anuli mêtu akale. Calathu angasih-asih marang kang mancing: dhuh kyai sanak,
kula mugi sampeyan êculakên malih, awit taksih alit sapele ingatasipun
sampeyan. Sampeyan mancing malih môngsa ngantosa dangu amasthi pikantuk sadasa,
ingkang agêngipun ngungkuli kula. Kajêngipun kula agêng rumiyin benjing
sampeyan wangsul, kula sampeyan pancing. Juru amèk iwak amangsuli: hèh kônca
cilik, rungokna
--- 6 ---
calathuku. Kowe nêdya ambalilu aku,
luput ciptamu. Yèn kowe saiki dak culna, kaya-kaya salawase ora kêna dak
pancing manèh. Kowe ing mêngko wus kacêkêl dening aku, iku wus masthi katêkêm
ana ing tanganku. Mulane kowe gêntho cilik mêngko bakal malêbu ing wajan,
banjur rampung.
Êliding dongèng mangkene: samubarang
kang wus masthi, yèn kolirokake karo kang durung masthi, tartamtu kowe bakal
kalorop.
2. Kuwuk lan macan tutul
Ana kuwuk lumaku kambi amikir-mikir,
kurang wiweka ngingêtake kiwa têngên, sanalika pêngrasane lêmahe anjêmblong,
kuwuk kalêbu ing luwêng, jêrone watara wolung kaki. Banjur mêncolot sarosane,
ananging ora
--- 7 ---
môntra têkan ing dhuwur, anuli êntèk
atine anyêkukruk. Saking gêtêre marang pêpasthèn kang bakal anêkani, kawêtu
pasambate akèh-akèh. Anuli ana macan tutul ngrungu pasambate, enggal amarani
luwêng arêp wêruh. Kuwuk anjaluk tulung, têmbunge: aku tulungana. Yèn ora
mêngkono, amasthi mati. Ing saiki ketokna gawemu marang mitra lawas.
Macan tutul banjur ngerang-erang,
têmbunge: E, e, bêcik têmên dhapurmu ana ing kono, ama pitik. Aku pasajanana,
kapriye olèhmu kongsi kêcêmplung kaya mêngkono. Ora jamak langkane manuk kang
kaya kowe ana ing kurungan. Kuwuk amangsuli: kowe iku ora wêruh ing isin,
ujarmu ora prayoga. Angur kowe enggala têtulung, yèn uwis ngerang-eranga, iku
ana uga bêcike.
--- 8 ---
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
angerang-erang marang kasusahaning liyan iku anelakake alaning atine.
3. Asu ajag lan manuk gagak
Ana asu ajag lumaku urut pinggiring
kali, sarta angambus-ambus kêpengin mangan kang enak-enak, banjur wêruh manuk
gagak mencok ing êpang, anggondol daging, olèhe nyolong, nêdya dipangan ana ing
kono. Ciptane asu ajag: lahdalah, daging iku duwèkku. Ora-orane gagak dadi
isèn-isèning têlihmu. Yèn luput kêna ing aku, dudu asu ajag aranku. Asu ajag ambêk
julig banjur marani uwit, têmbunge: adi têmên manuk iku, wulune bêcik, irênge
mêlês, gumunku ngudubillahi. Sajêg aku durung
--- 9 ---
tumon manuk kang bêcike ngungkuli
iku. Saupama aku luntasa tuwin pinunjula ing swara, têmên-têmên dak sêbut
ratuning manuk. Manuk gagak mongkog angrungu têmbung kaya mêngkono, sumêdya
mamèrake swarane. Barêng muni daginge runtuh, banjur diplayokake ing asu ajag.
Êliding dongèng mangkene: aja
pracaya marang wong kang nandukake pangonggrong, ora wurung andadèkake
kasusahanamu.
4. Asu ajag, cêmpe, lan wêdhus
lanang
Ana asu ajag siji, mèh sabên-sabên
golèk mêmangsan amrangguli cêmpe bêcik rupane. Ananging cuwaning ati, dene
sabên kêpranggul abêbarêngan wêdhus lanang berok siji tur rosa. Ciptane: sapa
kang nêdya mênang, kudu nekad. Ing nalikane [nali...]
--- 10 ---
[...kane] asu ajag mau katêmu manèh
karo cêmpe lan kanthine, mêtu kawanène, atakon marang cêmpe mungguh ing
kaslamêtane, sarta ambagèkake marang wêdhus lanang, têmbunge marang cêmpe: hèh,
cêmpe kang manis ing rupa, aku jatènana, ya gene gêntho kang ulate ala, kewan
kiwa dhapure iku têka tansah kêkinthil ing kowe. Angur kowe lêlungana kanthi
biyungmu, ambok aja pracaya diêmong kewan tanpa tatakrama kaya iku. Ngandêla
ing aku, kanthimu iku ora prayoga, ayo tut buria aku mênyang ênggone biyungmu.
Cêmpe amangsuli: wruhanamu asu ajag, kalane aku nêmbe ngambah ara-ara, si
biyung nganthèni wêdhus lanang kuwe, saking tisnane marang aku, supaya dadia
pamomong sarta rumêksaa ing awakku. Wêdhus lanang kuwe tansah têmên-têmên êgone[1] ngamping-ampingi aku, ora
--- 11 ---
pêgat amratikêli bêcik. Kowe kang
nandukake têmbung manis marang aku, lan angala-ala marang wêdhus lanang, masthi
anduweni cipta ala, tangèh yèn nêdyaa bêcik.
Êliding dongèng mangkene: aja kèlu
marang têmbung manis, cêmpe iku têtuladhane. Aja sah amituhu ing ujare wong
tuwa-tuwamu, pamituhu iku wajib kang ginawe dhuwur dhewe.
5. Lalêr lan kareta cilik
Ana kareta cilik apangirid jaran
loro, cêcongklangan ngambah dalan rata karikilan. Tumuli ana lalêr siji, kalêbu
wêwilanganing gêdhe, kapapag lan kareta mau, banjur mencok ing burine.
Ciptaning lalêr: lahdalah, saiki abot momotane. Sanyatane, barêng lalêr mau
mencok, lakune jaran [jara...]
--- 12 ---
[...n] loro sangsaya kêndho. Sanajan
panggèrède ngatogake karosan, tuwin dipêcuti sarosane dening kang nglakokake,
iya ora migunani. Rindhiking laku ora ngeram-eramake, awit kareta mau ing
samêngko ngambah dalan wêdhèn akandhêl tur panase wus saengga mawa bathok.
Galindhingane têrkadhang amblês mèh têkan ing indhêne. Ananging lalêr mau saka
kumlungkunge anyipta yèn aboting awakte[2] kang angêndhokake lakuning kareta, bangêt bungahe.
Calathune: lah iki arane abot, aku wani totohan ora ana kang madhani abotku.
Êliding dongèng mangkene: ciptane
kang maca layang iki, lalêr mau angguyokake. Ananing yèn diwaspadakake têmênan
amasthi ana kawanuhane [kawanuha...]
--- 13 ---
[...ne] sawiji kang kumlungkunge
angguyokake luwih dening lalêr mau.
6. Manuk mêrak lan sandhanglawe
Ana manuk sandhanglawe dolan-dolan
ing ara-ara, akanthi manuk mêrak mitrane. Wiwitane padha rêsêp malaku-malaku[3] kambi rêrasan, ora antara suwe sênênge dadi sêrêng. Mungguh
sababing sêrêng ora liya mung saka sumangkeyane si mêrak olèhe
ngunggul-unggulake êlar lan buntute, ora nganggo irib-irib. Wuwuh-wuwuh kathik
banjur ngigêl kang sarta calathu marang sandhanglawe, têmbunge: dêlêngên, iki
arane bêcik, ora ana kang nimbangi êlar kang angrêngga awakku. Mara, ngêndi ana
kêpêt kang madhani êlarku. Ing batin sandhanglawe misuh-misuh marang mêrak ing
sanalika iku uga, kêbêt-kêbêt banjur muluk ing awang-awang, akalangan
[akalanga...]
--- 14 ---
[...n] rikat angeram-eramake. Wasana
nguwuh marang mêrak kang lagi mamèr-mamèrake: ayo manuk adi, muluka, akalangan
karo aku. Kowe ngunggul-unggulake êlarmu, aku ora maido, nyata bêcik, ananging
tuduhna paedahe panganggomu kang gumêbyar iku. Elarku ala rupane, iku aku wus
sumurup, ananging kuwat, bisa anggawa awakku têkan ing mega, rikat lan
ambungahake. Mulane mêrak, sabanjure marènana ngunggul-unggulake êlarmu, kang
ora kêna koanggo mabur.
Êliding dongèng mangkene: kabagusan
kang ora kanthi labêt bêcik, iku ora pati ana ajine ing atase wong pintêr.
7. Wong desa lan anak-anake lanang
Ana sawijining wong desa, bangêt
susahe [su...]
--- 15 ---
[...sahe] ing ati, dene anak-anake
lanang padha congkrah, amarga saka gêgêthingan sarta padu. Ora ana dina kaliwat
tanpa padu, sakèhe wêwulanging bapa ora migunani. Anuju sawijning dina, anake
lanang têtêlu diundang. Barêng wus padha têka, bapakne calathu: ênggèr, iki aku
duwe ginawe nôndha karosanmu, lagi pamataraku kowe padha rosa-rosa. Ênya iki
sada sabêngkêk, mara, sapa sing kêlar nugêl dak ganjar jaran siji. Anak-anake
nuli gênti-gênti ngarah nugêl bêngkêkan sada, kalandêsake ing dhêngkul, angêtog
karosane, ananging têlu pisan ora nguwisi, sadane siji ora ana kang coklèk.
Bapakne calathu manèh: aku wis ngira yèn ora bisa tugêl, mara, saiki bêngkêkane
dak uculane amasthi gampang kopurih coklèke. Anak-anake nuli diulungi
--- 16 ---
sada ing sawatara, barêng dicoklèki
gampang bae. Bapakne calathu: satêmêne ênggèr, sada iku upamane awakmu. Yèn
kowe kukuh rukun karo sadulurmu, amasthi ora gampang tumiba ing tiwas, dene yèn
kowe congkrah ora wurung nêmu bilai.
Êliding dongèng mangkene: rukun
agawe santosa, congkrah andadèkake rusak.
8. Wong desa lan manuk cangak
Ana manuk cangak siji, saka kurang
wiwekane alêlungan bêbarêngan manuk akèh, kang amung nglakoni panggawe ala. Ora
antara suwe padha kêna ing jaring pasangane wong desa. Ing nalika iku padha
gêtun sarta kêduwung. Wong desa bungah andêlêng manuk kang dadi ama kêna ing
jaring, banjur dicêkêli saka ing siji-siji. Awit dening [de...]
--- 17 ---
[...ning] nêpsune padha diuntiri
gulune, padha muni pating caruwèt ora diwêlasi. Barêng cangak arêp dipuntir
gulune, banjur calathu: dhuh, kula mugi sampeyan sanèsakên, pantês kaapuntêna.
Kula botên nate tumut-tumut anglampahi pandamêl awon akalihan pêksi-pêksi ama
punika, malah kula angicalakên amaning sabin, sarta kathah kautamèn kula. Wong
desa amangsuli: tanpa gawe panalôngsa lan pasambatmu. Sarèhne kowe kêtêmu
nunggal manuk iku, dadi têtêp kêna ing panggrayangan ala. Ora kêna ora kowe dak
ilokake ing dosane. Cangak anuli dipuntir gulune.
Êliding dongèng mangkene: kajène
wong urip iku sayêktine mawa-mawa pakumpulane.
--- 18 ---
9. Wong wadon lan anake isih cilik
tuwin macan tutul
Ana wong wadon, duwe anak isih
cilik, tansah nangis bae, sumêdya kapurih mênênge, calathune: hèh, bocah
ambêlêr, yèn ora mênêng tangismu, aku bakal takon marang macan tutul, apa arêp
ing kowe. Aku ora bêtah ngrungokake tangismu. Ing nalika calathu mangkono, ana
macan tutul golèk mêmangsan, liwat cêdhaking omahe, sarta angrungu calathune
mau. Banjur nginjên saka ing lawang, ciptane: i, lah bêgja kêmayangan, bocah
iku dadi ganyanganaku. Sajêg ayake aku durung mangan enak kaya mêngko. Sanajan
biyunge muring-muring, môngsa maria tangise. Dene yèn nêtêpi ujare, bocah
gêmblêp kuwe amasthi dadi duwèkku. Prayogane aku ngêntèni [ngêntè...]
--- 19 ---
[...ni] ing kene bae. Antara suwe
bocah ora karungu swarane, ananging nuli sêru anangis manèh kaya kang wis.
Biyunge calathu manèh: eman anakku, bok wis mênênga, aku anjaluk ambung sasengokan.
Ora-orane kowe dak wènèhake marang macan tutul. Ciptane macan tutul: o, lah,
salin salaga. Dak êntènana dikongsi suwe, môngsa anaa jêbule. Saiki aku olèh
wêwulang, calathu kang kaya ujare wong wadon iku ora kêna kapasthèkake. Ing
ngarêp anakke diincim-incim, saiki diambung.
Êliding dongèng mangkene: saguh lan
anuhoni kasaguhan iku bangêt sulayane.
10. Kuldi dimomoti lan jaran
Ana kuldi dimomoti akèh, lumaku
[lu...]
--- 20 ---
[...maku] bêbarêngan jaran gêdhe
atine sarta lêgèh. Pangucaping kuldi: dhuh, sangsara bangêt pêpasthèning
awakku, saking aboting gawanku pangrasa kaya pènyèt-pènyèta. Jaran mitraku,
sarèhne kowe iku rosa bangêt, aku duwe panjaluk, mayarna sajroning
kasusahanaku, rewangana anggawa gêgawanku anaa rong bontot bae. Dhuh, wêlasa ing
pasambatku. Yèn ora mangkono, amasthi aku ambruk mati ana ing dalan. Jaran
amangsuli: satêmêne aku ora nyana, yèn kowe wani duwe panjaluk kaya mangkono
marang aku. Kuping dawa, ambok sakati bae aku ora gêlêm ngrewangi anggawa. Kowe
iku tukon, pêpasthènmu jaga momotan. Bangsaku luwih bêcik, mulane aku
colat-colot mubêng, ora ana kang munasika. Ora antara suwe, barêng padha lumaku
olèh sèkêt [sè...]
--- 21 ---
[...kêt] tindak, kuldi kabotan
momotan ambruk banjur mati. Jaran kang ora maèlu marang panjaluking kuldi
tumuli kêduwung, amarga ora nglakoni wajibe, awik[4] kang anggirèkake angêlih momotaning kuldi marang jaran, kang
maune bigar sarta lêgèh. Malah-malah kuldi kang mati banjur dikêlèti, walulange
diwuwuhake ing momotane.
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
dijaluki tulung anampik, iku asring kabubuhan pêpikulan luwih abot.
11. Asu ajag lan wêdhus lanang berok
Ana wêdhus lanang berok siji bangêt
kasatan, nyêmplung ing luwangan kang ana banyune. Anuli ana asu ajag siji, iya
kasatan arêp ngombe, enggal nututi milu nyêmplung. Sawuse padha warêg ngombe,
bangêt ing bungahe, ananging
--- 22 ---
barêng arêp mêtu, padha ilang
kabungahane sanalika, awit karone ora bisa mancolat[5] mêtu saka ing luwangan. Saking gêtêre, wêdhus lanang muni sêru,
sêbute: dhuh, kapriye saiki mungguhing pratingkah. Asu ajag ing sawatara mênêng
bae, wasana calathune: aku wus nêmu akal tuwin sarat, kang bisa mitulungi aku
lan kowe. Dienggal ngadêga, sikilmu ngarêp pancadna iringing luwangan dikukuh.
Kapriye kisanak, apa kowe wis ngêrti, aku nuli munggah ing githokmu, gampang
banjur mancolot mêtu. Sawuse mangkono, mung kari gawean sapele, sarana kuwating
untuku aku bisa têtulung ngêntas kowe. Wêdhus lanang ngrujuki. Barêng wus
ngadêg, asu ajag calathu: wêdhus dikukuh. Anuli munggah ing githok banjur
mancolot mêtu. Sawuse mêntas, ora pisan nêdya nulungi kancane, malah
angerang-erang, [angerang-...]
--- 23 ---
[...erang,] calathune: hèh gêmblung,
kang jenggot dawa, besuk manèh aja ngandêl ujare sakèhing asu ajag, saiki
tampanana wêwulangku, bokmanawa ing têmbe kanggo: sadurunge nyêmplung ing
luwangan pikirên dhisik kapriye olèhmu bakal mêntas.
Êliding dongèng mangkene: ewaha
marang alane asu ajag, ananging wêwulange eling-elingên. Samubarang pratingkah,
sadurunge kolêkasi, pikirên dhisik.
12. Manuk garudha lan gagak
Ana manuk garudha, kang cakare
mêmêdèni, niyup anyambêr cêmpe kang lagi mangan, dicangkêrêm banjur digawa
mumbul ing awang-awang, nêdya dimôngsa. Ora adoh saka ing panggonane kono, ana
manuk gagak siji bodho, sumurup kaprawiraning
--- 24 ---
garudha. Ciptane: digdaya têmên,
ewadene aku wani totohan, ing sanalika iki uga aku bisa anggondhol wêdhus kaya
dhèwèke, sanajan aku cilika, cakarku ora kuciwa. Kaya mangkono ciptaning gagak,
ora ana manèh-manèh, jujul dening angên-angên banjur niyup anyambar cêmpe, kaya
pratingkahe garudha mau, anyangkêrêm ing wulune kang gèmbèl. Ananging bangêt
kuranging karosan, cakare kukuh kagubêd ing wulu, banjur analôngsa ing
pratingkah, awit kang angon wêdhus amarani. Gagak dicêkêl karo muring-muring,
êlaring suwiwine dikêthoki karo pisan banjur diwènèhake anak-anake, digawe
dolanan. Awit dening disiya-siya ora suwe mati.
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
tanpa pikir ngandêlake karosane dhewe, iku kêrêp tumiba ing tiwas.
--- 25 ---
13. Manuk gagak nganggo êlaring
mêrak
Ana manuk gagak, bodho nanging ambêk
sumangkean. Ing sawijining dina amanganggo samuwa, dene kang dianggo, bodholane
êlaring mêrak, olèhe nêmu. Mungguh ambêk sumangkean iku têrkadhang bisa
ambawurake pandêlêng. Gagak mau banjur malêndhungake gulune, isin kêkumpulan
karo panunggalane kang padha irêng, anggolèki mêrak kang bagus ing rupa, karo
iku gêlêm amomoran. Ananging luput pangarêp-arêpe, awit sakèhing mêrak anampik.
Bêbodholan êlar kang dianggo mau banjur padha didhèdhèli, sarta kang nganggo
ditundhung tumuli. Barêng wus didhèdhèli tuwin dierang-erang, anuli ngungsi ing
panunggalane, kang maune cinêla-cêla. Ananging padha nyingkang-nyingkang,
calathune: lungaa kowe, kang ambêk sumangkean, [su...]
--- 26 ---
[...mangkean,] lungaa, ora patut
mêrak nunggal gagak, sakèhing gagak iku bôngsa kang luwih asor. Sarèhning
disingkang-singkang akanthi pangundhat-undhat sarta panunggalane ora ana kang
mêlasi, banjur misah karo kang akèh-akèh, wasana mati ngênês.
Êliding dongèng mangkene: wong kang
gêlêm kêkumpulan karo para gêdhe, amarga kêlimput ing rajabrana lan kamulyan,
iku awêkasan asring disawiyah-wiyah dening para gêdhe mau, sarta ora diajèni
ing pêpadhane.
14. Kancil kang padha miris
Anuju ing môngsa katiga ana angin gêdhe.
Saking bangête, pangrasa pucaking uwit-uwitan tumêlunge mèh anggêpok lêmah. Ana
kancil lêlima utawa nênêm wêdi ngrungu gumrubuging angin, enggal [engga...]
--- 27 ---
[...l] padha lumayu, aninggal
kancane kang akèh-akèh, tur anane ing kono nunggal kancane mau ora nguwatiri.
Palayune nêrak ara-ara, kaya diburu ing asu pirang-pirang. Saking rikating
palayune, prasasat ora ngambah lêmah, ora ana kang nolih, nganti kêpêngkok ing
rawa, ora bisa ambanjurake palayune. Awit dening enggaling têkane ing kono, sakèhing
kodhok kang ana ing rawa padha kagèt, banjur padha silêm. Kancil padha gumun
wêruh wêdining kodhok kang tanpa sabab, awit kancil ora tau sikara ing kodhok.
Anuli ana kancil kang wus tuwa, acalathu marang kônca-kancane lumayu, têmbunge:
hèh, wong mitra-mitraku, saiki wus têtela ing sumurupku, aku lan kowe mau
kêplayu dening gumrubuging angin, iku pratingkah gêmblung, kaya pratingkahing
kodhok-kodhok iku, padha [pa...]
--- 28 ---
[...dha] silêm amarga dening wêdi
ing aku lan ing kowe.
Êliding dongèng mangkene: samubarang
kang ora bisa gawe piala ing awakmu, aja kowêdèni, dene wong kang watêk jirih,
wêdi ing wayangane dhewe.
15. Asu ajag lan singabarong
Ana asu ajag matur marang ratuning
bêburon, têmbunge: Gusti singabarong, panjênêngan dalêm kados botên kêkilapan
dhumatêng katêmênan kawula, katôndha saking solahbawanipun abdi dalêm. Ing
sapunika mugi kalilana anyaosi pratôndha ing pamundhi kawula ing panjênêngan
dalêm. Wontên satunggiling kuldi angerang-erang ing panjênêngan dalêm gusti,
angantos gêtêr anggèn kawula badhe ngunjukakên, kuldi wau purun-purun anacad
ing kautamènipun kaprabon dalêm, [dalêm...]
--- 29 ---
[...,] sarta anggêgujêng, makatên
wicantênipun: mungguh ing kabijaksanane singabarong iku kari karo gajah,
karosane kaungkulan dening macan. Sumôngga panjênêngan dalêm galih, iba
anggènipun amêmirangakên wicantênipun kuldi gêntho. Barong dalêm ingkang sangêt
kawula erami, tuwin buntut dalêm ingkang rosa, kasor dening suri saha buntuting
kapal. Punapadene barêng calathu asu ajag têkan samono, singabarong anyêlani:
mênênga, aku kêju ngrungokake atur pratôndha katêmênanamu kang kaya mangkono
iku, wêwadul ala angur aja kounjukake, sapangomonging asu ajag utawa kuldi aku
ora praduli.
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
nêpsu dening pangomonging gêntho, iku bodho. Anglakonana panggawe bêcik,
[bê...]
--- 30 ---
[...cik,] aja nganggo mèngèng, iku
ugêring kabijaksanan.
16. Wong lara
Wong kang tinitah sugih, luhur lan
mulya, tuwin akèh mitrane, apadene sugih batur, kang cancingan tadhah
saparentahe, iku panyananing bocah-bocah kêna diarani bêgja. Ananging panyana
iku luput. Ana sawijining uwong, tinitah sugih kaya kang wus kasêbut mau,
ananging tangèh bisa ngarani awake bêgja, awit dening kambah ing lara. Ora
doyan mangan pêpanganan kang enak-enak, tuwin ngombe anggur pêpêthingan, tansah
angêsah, ora sumurup kang andadèkake larane. Awake lungkrah, rina wêngi
ngalèlèh ing kasur sarta kulakêpan, tuwin angitungi êjam, sanajan akèh dhukun
kang têtulung, tambane ora [o...]
--- 31 ---
[...ra] pasah, wong sugih mau kongsi
sok kêwêtu sambate kang supaya dipundhuta. Wus nêm taun olèhe nandhang lara
kaya mangkono iku. Anuli ana dhukun anyar têka, mituturi mangkene:
tômba-tambamu iku ênêngna bae, dhukun-dhukunmu konên padha lunga. Laramu iku
mung bisa mari dening rijêki, kang pakolèhe mêtu saka ing karingêtmu dhewe.
Êliding dongèng mangkene: sanajan
pituturing dhukun mau nganèh-anèhi, iya uga dièstokake dening wong kang lara,
andadèkake warase.
17. Mênjangan, jaran lan uwong
Ana jaran tarung lan mênjangan,
sawuse antara suwe, jaran kalah, kaburak saka ing pangonan, calathune: aku ora
kêlar nandhang wirang mangkene, muga-muga [muga-...]
--- 32 ---
[...muga] bisa amalês mirangake
satruku. I la dalah, aku nêmu akal, manusa kang bakal awèh sarana marang aku,
iku kang masthi bisa têtulung. Sawuse calathu mangkono, banjur anggolèki
manusa, jinalukan tulung. Wangsulaning manusa: aku saguh malêsake, yèn kowe
gêlêm tak kêndhalèni, sarta dak tunggangi. Awit saka pangigit-igite nêdya
malês, jaran amiturut. Sanalika satrune mati dening gêgamaning manusa. Sawuse
mangkono, jaran ora nêmu kabungahan, awit manusa wus sumurup, yèn bêcik gawene,
kêna ditunggangi, sarta digawa pêrang. Iya bênêr jaran wus kêlakon bisa malês,
ananging kadadeyane ora prayoga, amarga jaran mau lastari diêtrapi kêndhali
cangkême, sarta dipèk gawene marang manusa kongsi turun-tumurun.
--- 33 ---
Êliding dongèng mangkene: wong arêp
urip dhewe, yèn kambah ing pangerang-erang, akèh kang thukul sêdyane,
ngigit-igit ing pamalês, ananging samôngsa anjurungi ing sêdyane, asring
anyandhang aboting dhêndhane.
18. Kuwuk buntung buntute
Ana kuwuk ambêk julig, saking kurang
wiweka buntute kêna ing piranti. Kapriye saiki akale si ama pitik, amurih uwale
saka ing saya. Ora suwe ing pamikire, buntute banjur cinakot enggal, anuli
lumayu manjing ing alas marang ênggone panunggalane. Iku diundangi padha
dikalumpukake, têmbunge: hèh sadulur-sadulurku kabèh, kowe wus padha kêrêp
sumurup, yèn kawruh sarta tabêriku mung tansah amurih kaslamêtanamu. Aku bakal
anglairake [a...]
--- 34 ---
[...nglairake] prakara bêcik siji
manèh marang kowe, angungkuli panêmuku kang uwis, wadine mangkene: buntutmu
padha cakotana sing nganti tugêl, amasthi bakal andadèkake pakolèhmu. Ngandêla
ing aku, buntut iku angalan-alani awakmu. Yèn ginawe lumayu angrubêdi sarta
nyayahake, ginawe lumumpat ngêbot-êboti tuwin ngrikuhake, apadene anjêjodhèri.
Mara, aku tirunên, buntutmu padha cakotana sing nganti tugêl. Panunggalane ora
ana kang miturut, buntut pêparinging pêpasthèn diisihake, sarta padha
nyênyampahi ing pamuruke akèh-akèh, kang mêmanisi mau, apadene angerang-erang
ing buntunge.
Êliding dongèng mangkene: ing alam
donya ora kurang pitutur, kang mêtu saka ing pamrih.
--- 35 ---
19. Sapi lanang lan singabarong
Ana sapi lanang papat, antara lawas
padha ayêm mangan nunggal sapangonan, sarta padha rukun anulak upayaning
satrune kang luwih rosa, iya iku singabarong, kang ngênggoni alas cêdhak
pangonan mau. Luwene bangêt, sarta wus lawas anggone andingkik mêmangsane kang
padha lêmu-lêmu, ananging sabên-sabên ngaton nêdya nubruk, kanggêk dening sapi
papat mau isih padha ngumpul, dadi tansah kalintêran, angarêp-arêp pisahe, awit
ora kêlar nyêmbadani sapi papat. Ananging pangarahe tanpa wêkas, mitra papat
kang rukun mau tansah angisab-isab marang pangigit-igiting singabarong.
Sarèhning kêrêp kacuwan, mèh nêdya murungake karêpe, ananging ora antara lawas,
pangarahe salin salaga, awit sapi papat kang maune tansah rukun, [ru...]
--- 36 ---
[...kun,] andadèkake ing
kaslamêtane, wasana padha êcrah, amarga dening sulaya rèmèh, kang ora antara
lawas anukulake ewa lan gêthing, dadi ora gêlêm kêkumpulan manèh, padha
ambêlayang dhewe-dewe adoh parane. singabarong tumuli wêruh, yèn prakara salin
salaga, bungah sarta andilat brêngose, sapi papat mau gênti-gênti dimôngsa.
Êliding dongèng mangkene: dongèng
iki kêna dadi wêwulang, anuduhake pakolèhe wong rukun, sarta gêmpaling
kaslamêtan kang marga dening êcrah.
20. Wong desa lan manuk alap-alap
Ana manuk alap-alap sarosa
angoyak-ngoyak manuk cilik kang angoncati, miris dening mingid-mingiding
cakare, [cakar...]
--- 37 ---
[...e,] sarta rumasa ora kêlar
nyêmbadani, mèh ilang pangarêp-arêpe luput ing bilai. Barêng andungkap têkan
ing lêmah, alap-alap galak kêna kacêkêl ing wong desa. Saking gêtêre marang
gêgantunganing pêpasthèn, manis cêlathune marang wong desa: kula dèrèng nate
adamêl piawon ing sampeyan, mila panyuwun kula, mugi sampeyan uculakên, sampun
miawoni dhatêng ingkang dèrèng nate adamêl piawon ing sampeyan. Wong desa
amangsuli: calathumu iku satêmêne luwih bêcik, nanging juru mêmulang, aku
tuturana, apa manuk cilik iku wus tau gawe piala marang kowe, kowe anibakake
karampunganamu dhewe, mulane aja ngrêsula, sarèhning kowe sumêdya ngalani manuk
cilik mau, wêwalêse tanpa wêlas kabênêr tumiba ing awakmu.
Êliding dongèng mangkene: sabarang
panganggêp [pa...]
--- 38 ---
[...nganggêp] kang koewani tumibane
ing awakmu, iku aja koêmpakake ing liyane.
21. Ula badhudhak lan landhak
Ing nalika môngsa adhêming angin,
ana ula badhudhak katisên bangêt, mubêng golèk pandhêlikan ora olèh. Wasana katêmu
karo landhak kang bêcik kalakuane, anyalathoni mangkene: mêsakake têmên kowe
iku, angin iki ora bêcik ingatase awakmu, olèhmu andharodhog kôngsi kaya
godhong katêmpuh ing angin, ayo mênyang êrongku, supaya olèha angêt ing
sawatara. Calathu mangkono iku anuju karêpe ula badhudhak, banjur enggal
nêlosor lumêbu ing êrong. Saking bangêt lêmune, êrong cilik kôngsi kacakan
saparone, kang
--- 39 ---
duwe êrong ora kaduman panggonan.
Barêng dayoh kang katisên wus angêt, ora pisan kawêtu calathune awèh panrima
tuwin arêp lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngalêkêr bae.
Landhak anuli calathu: saiki wus wêngi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing
kene sadhela andadèkake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia
manèh, kowe iyo wêruh dhewe, yèn êrong cilik iki sêsak dak ênggonana karo kowe.
Ula badhudhak amangsuli: hêm, dadi kowe angira yèn sêsak, satêmêne, êrongmu iki
luwih prayoga, wruhanamu kisanak, aku kapenak ana ing kene, lan ora sumêdya
lunga, mulane akal-akala golèk panggonan kang jêmbar.
Êliding dongèng mangkene: sanajan
[sanaja...]
--- 40 ---
[...n] wong gawe kabêcikan kêrêp
anêmu wêwalês ala, iya uga aja mèngèng anglakoni panggawe bêcik ing salawase,
mung diawas marang wong kang bakal kobêciki.
22. Kancil lan bulus
Ana bulus acalathu marang kancil,
têmbunge: aku ora maido, yèn kowe pinunjul ing playu, ananging ayo padha nyoba
balapan, sapa kang andhisiki têkan wêkasaning ara-ara iki. Têmbung mangkono iku
ing atase si kancil pêpadhane angêcêmong, ewadene pangajake mau dirasa anèh,
mulane dituruti. Anuli bulus enggal miwiti lumayu, kancil ngenak-enak dhewe,
ciptane: si gumrêmêt karêbèn mêmpis-mêmpis, aku wus masthi ora rêkasa bisa
anjujul, aku mancolot ping têlu utawa ping pat bae, wus [wu...]
--- 41 ---
[...s] tamtu bisa nglancangi kewan
anglêmêr kuwe. Saya adoh olèhku angacèkti[6] saya andadèkake kocapku. Ing nalika samana bulus mèh têkan
ing watês, kancil isih sarèh ing sawatara, barêng tumandang arêp anjujul, wêruh
yèn mèh kasèp awit dening talompène, ewadene isih anduwèni pangarêp-arêp mênang
sarana cukating lumpate. Enggal lumayu, rikate prasasat angin, ananging tanpa
gawe, awit bulus wus andhisiki têkan wêkasaning ara-ara, dadi kancil kalah.
Êliding dongèng mangkene: wong iku
sanajan têrang budine, elingan, tuwin patitis ing cipta, yèn ora têngginas ing
samubarang gawe, amasthi kadhisikan ing liyan, iku kang amèk kauntungane.
--- 42 ---
23. Mênjangan kang ngilo ing banyu
Ana mênjangan tanpa pikir, angilo
ing kali kang bêning banyune, anamatake awake sakojur. Calathune: aku iki sato
linuwih ing rupa. Apa ing alas kabèh ana kang nimbangi aku. Iba ta bêcike
sunguku kang kiyat abranggah, dadi rêrêngganing êndhasku. Satêmêne aku prasasat
anyunggi alas. Ora kaduk ing pangucap, yèn aku kawêtua têmbungku wani anantang
pêrang tandhing bêburon kang rosa dhewe, nganggo ditohi. Ananging apa kang
katon ing mata iki, sikil papat ringkih tanpa sêmu, ngisin-isini têmên dene
kaya dhandhan. Dhuh, ya gene pêpasthèn têka maringi sikil kang agawe ewaning
ati marang bêburon kang prayoga dhapure lan sungune. Kaya mangkono calathuning
mênjangan, anuli ngrungu asu akèh, padha lumayu
--- 43 ---
karo anjugug, marani panggonane.
Mênjangan kagèt banjur anggiwar, lumayu anglumpati dhadhah tuwin grumbul lumêbu
ing alas kang cêdhak ing kono. Saking rikating playune, prasasat ora ngambah
lêmah. Ananging ora antara suwe sungune kagubêd ing oyod-oyodan, dadi kandhêg
ing playune. Asu padha têka angroyok, mênjangan rubuh angêsah, dhuh, saiki
têtela ing sumurupku, sikilku kang amitulungi aku bisa anyingkiri bêbaya,
ananging sungu kang dadi marganing patiku.
Êliding dongèng mangkene:
kalumrahane kang bêcik rupane diaji-aji, kang ana faidahe cinêla-cêla, môngka
kang bêcik ing rupa mau têrkadhang angrubêdi, utawa aniwasi.
24. Wong lêlaku lan begal
Ana wong lêlaku nunggang jaran,
angambah
--- 44 ---
dalan arang disaba ing wong. Dalan
mau kang pinggir têngên ana kaline, kang pinggir kiwa gunung lan dhadhah. Anuli
ana begal loro mêtu saka grumbul karo angliga pêdhang, sarta angundang-undang:
mandhêga, ulungna dhuwitmu, utawa patimu. Sawuse mangkono, enggal anyandhak
apuse. Kang nunggang andharodhog amarga saking kagèt sarta wêdine bakal
kailangan dhuwit tuwin barange, kasompok ing playune. Sanalika anggiwarake
jarane, anggêbyur ing kali, sêdyane angoncati sawijining pakewuh, wasana kalêbu
ing bêbaya kang luwih gêdhe, awit saking santêring banyu, kang nunggang lan
jarane kèli. Karosan wus tanpa gawe, jêlih-jêlih anjaluk tulung, ora ana kang
nulungi. Santêring banyu angilangake dayane, wasana wong lan jarane padha mati.
Êliding dongèng mangkene: yèn kowe
[ko...]
--- 45 ---
[...we] katêkan ing pakewuh rong
prakara, amurih aja kongsi kelangan duwèkmu kabèh, pakewuh mau salah sawiji
êndi kang ènthèng têmpuhên.
25. Kêthèk lan woh sarangan
Ana kêthèk siji, cukat acolot-colot
ing pasukêtan, anêmu woh sarangan siji isih ana klokopane. Enggal lungguh
banjur dikrakoti, amurih ilanging klokopan, kênaa dipangan isine kang enak.
Ananging sarèhning untune cilik-cilik, rêkasa anggone ngoncèki, barêng nandhês
ing cangkok, panyakote rada mrêngut. Panunggalane sasuwene angawasake, nuli
anguwuh sêmu ngerang-erang: hèh gêntho cilik, môngsa bisaa kalakon gawemu,
rêmbugku, uwisana. Ananging ciptane kang diuwuh,
--- 46 ---
yèn dak têmêni murih ilanging
klokopan lan cangkoke, iba lêgine isine. Pangerang-erange panunggalane mau ora
dipaèlu, mêksa nêmên anggone nyakoti. Ora antara suwe pagaweane uwis, anêtêpi
pangarêp-arêpe, sarta andadèkake bungahe. Isine putih lan isih bêcik, banjur
dipangan, amasthi lêgi rasane, awit wus anglakoni kangelane.
Êliding dongèng mangkene: mungguh
wong ambudi kawruh iya mangkono uga, wiwitane angèl ananging yèn ditabêrèni ing
pamarsudi, pakolèhe agawe kabêgjan.
26. Asu lan macan tutul
Anuju sawijining dina ana asu
kaprêgok ing macan tutul, kang bangêt ngêlihe, [ngêlih...]
--- 47 ---
[...e,] apadene mungguh sêsawangane
luwih rosa. Barêng nyêdhak kambi gathik untune sarta anggêrêng, asu bangêt
gêtêre, ananging sarèh ing pratingkah, calathune: kisanak, kula punika kêra,
manawi sampeyan dhahar môngsa anggawêra. Aluwung kula sampeyan tut wingking,
kula têdahakên dhêdhaharan ingkang lêma. Sampeyan badhe kula bêkta dhatêng
kandhang mendanipun bêndara, ing ngriku sampeyan badhe manggih dhêdhaharan
ingkang andadosakên suka pirênaning galih. Macan tutul ditari kang mangkono
iku, bangêt kadugane. Amarga saking pracayane banjur tut buri lakuning asu,
ananging kadadeyane ora prayoga, awit asu cidra ing jangji. Macan tutul ora
digawa mênyang kandhang wêdhus, digawa mênyang panggonan pasangan kala, banjur
kêna ing kala, bangêt andadèkake ing kagète. Asu bangêt bungah, lumayu tutur
ing bêndarane. Bêndarane têka, [tê...]
--- 48 ---
[...ka,] macan tutul enggal dijirêt,
digantung ana ing êpang.
Êliding dongèng mangkene: samubarang
kang katone ora kêna dilakoni sarana karosan kêrêp bisa rampung dening akal.
27. Singabarong lan tikus
Anuju sawijining dina ana
singabarong lagi turu. Anuli ana tikus siji, wani-wani colat-colot ing sakiwa
têngêne. singabarong tangi, tikus didêmak, sumêdya dipatèni amarga saking
kumawanine, ananging banjur kèlingan sarèhning dadi ratuning bêburon, yèn
anibakna pamalês marang buron kang sapele mangkono, amasthi bakal ora misuwur
bêcik, tikus anuli diuculake. Êlêt sapasar ing nalika singabarong golèk
mangsan, kêna ing pasangan jaringing [ja...]
--- 49 ---
[...ringing] grêma. Sanajan linuwih
ing karosan sarta budi sarosa, ora bisa mêtu saka ing jaring. Banjur anggêro
mêmêdèni, swarane ngèbêki alas lan ara-ara. Ing saiki sapa kang bakal têtulung
marang ratuning alas, tikus enggal lumayu sumêdya atêtulung, banjur anacah
jaring, ora antara suwe singabarong bisa mêtu.
Êliding dongèng mangkene: wong urip
iku têrkadhangan butuh marang pitulunging wong kang luwih asor, mulane iku
prayoga ditêpungi bêcik.
28. Mênjangan lan uwit anggur
Ana mênjangan mêntas bangêt
diuyak-uyak ing grêma, nganti mèh pêdhot ambêkane, ora anduwèni pangarêp-arêp
bisa angoncati pakewuh. Anuli ana pitulung, iya iku uwit anggur angrêgung,
[angrê...]
--- 50 ---
[...gung,] brukut angaling-alingi
mênjangan kang ngandhut watir. Grêma kasasar-sasar ing lakune, mênjangan ing
saiki bisa ambêkan. Yèn ta bênêr-bênêre, amasthi mêtu panarimane marang uwit
anggur, kang amitulungi, ananging ora mêngkono. Barêng wus ilang kang dadi
pakewuh, ora antara suwe mênjangan kang tanpa pangrasa amangani godhonging
anggur, kongsi barindhil. Iku kang dadi panarimane, ananging ora suwe rumasa
kaduwung. Grêma kang kasasar mau wus nêdya mulih, anuli wêruh ing mênjangan
amarga saking brindhile ing godhong anggur, kang awit dipangani mau. Banjur
dibutuh-butuhake, mênjangan ora bisa nyingkiri pati. Olèhe mangani godhonging
anggur anêmu dhêndha luwih gêdhe.
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
amalês ala marang panggawe bêcik, amasthi [ama...]
--- 51 ---
[...sthi] nêmu piala marga dening
kurang panarimane.
29. Supataning Macan tutul
Ana macan tutul siji, kang satêmêne
dadi amaning cêmpe, ngluwihi alane sajroning alas, ambêk adigang adiguna sarta
ngandêlake ing rikat luwêse. Iku kêna ing kala, pasangane bocah angon kang wus
kêrêp dimôngsa wêdhuse. Kang duwe pasangan kala, barêng wêruh yèn macan tutul
kêna, enggal amarani sarta anggawa gêgaman, sumêdya amatèni. Macan tutul kang
prasasat satêngah mati bangêt gêtêre, banjur calathu: sapisan punika kula mugi
sampeyan apuntên, sampun masthi kula badhe botên mêndhêt menda malih-malih.
Kula supaos ingkang kalayan têmên-têmên, yèn kula badhe botên nêdha daging
malih-malih, saèstu
--- 52 ---
botên. Kula namung badhe nêdha
gêgodhongan kemawon utawi ulam toya, manawi panuju wontên. Bocah angon ngandêl
ing supatane, macan tutul banjur diuculake, bangêt ing bungahe tumuli
anggêndring. Ananging durung antara sajam, andêlêng ana gênjik gêgupak,
calathune macan tutul: i la dalah, gênjik iku wênang dak môngsa, awit yèn dak
pikir ing satêmêne, samubarang kang ana ing banyu, iya iku iwak. Sarèhning
gênjik iku ana ing banyu, dadi ora kalêbu ing supataku. Sawuse calathu
mangkono, gênjik banjur dimôngsa.
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
ngandêl ing supatane wong ala, iku prasasat ngadêgake omah ana ing pawêdhèn.
30. Asu lan kucing lanang
Ana kucing lanang siji, saking
bisane dhepe-dhepe, [dhe...]
--- 53 ---
[...pe-dhepe,] sarta muni
ngasih-asih, bangêt disihi ing bêndarane. Barêng asu, dhasar kang rumêksa ing
omah, sêru panjuguge, yèn kêrah rosane ngluwihi, têka pora[7] katiban sihing bêndara. Yèn kang duwe omah mangan, kucing
diwènèhi kang enak-enak sarta êmpuk-êmpuk, dene pandumaning asu mung roti bawuk
lan banyu. Ananging ora antara lawas salin lêlakone. Anuju sawijining dina,
kucing wus mangan, piring-piringe durung disinggahake, diparani asu. Barêng
lagi wiwit didilati, kucing enggal têka ambêkis kambi makungkung, agawe
kagèting asu. Pratingkahing kucing mangkono iku ngewak-ewakake bangêt, sarta
agawe nêpsuning bêndara, dadi sarana wêwulang, sarta angelingke ing bênêr.
Wiwit nalika samono lorodaning bêndara dadi bubuhaning asu, [a...]
--- 54 ---
[...su,] bubuhane kucing mung
andilati piring bae.
Êliding dongèng mangkene: wong
drêngki lan kêthaha iku wus bênêre ora olèh mubarang kang bêcik.
31. Kuwuk lan manuk cangak
Ana manuk cangak diundang mangan ing
kuwuk kang ambêk julig. Barêng têka, banjur padha tata lungguh, rampadane anuli
diwêtokake, arupa jangan diwadhahi piring cèpèr. Ama pitik ambêk julig
acalathu: kisanak, têka dika mriki bangêt andadèkake bungah kula. Pasuguh kula
sapele, muga dika trima bêcik. Dawêg dika mangan didhokoh, kayaa yèn ontên ing
omah dika dhewe, dawêg ta kula wiwiti, awit luwe kula bangêt. Kuwuk anuli
sêngkut ing pamangane, dhayohe sarèhning [sa...]
--- 55 ---
[...rèhning] cucuke lincip mung bisa
nêcêp-nêcêp bae, ananging tansah ngatokake sumèhing ulat sarta awèh panarima
marang kuwuk saking panyuba-nyubane. Barêng arêp mulih, kalair karêpe gênti
angundang mangan marang kuwuk ing omahe, kuwuk saguh anêkani. Barêng tutug ing
dina patêmbayane, kuwuk têka, ditêmoni kalawan ulat manis. Ananging ing nalika
padha lêkas arêp mangan, kuwuk muring-muring. Sabab dening apa muring-muring,
apa ta rampadane ora kapanujon ing karêpe. Satêmêne daginge enak, sarta
dirajang, ananging emane di wadhahi guci, gulune dawa aciyut. Cangak calathu:
daweg ta kisanak kula wiwiti, didhokoh olèh dika mangan. Kuwuk anggêrêng sarta
angêsah, bangêt isin lan muring-muringe, ora antara suwe ambolos.
Êliding dongèng mangkene: Sing sapa
dhêmên [dhê...]
--- 56 ---
[...mên] angerang-erang uwong. iku
kêrêp anêmu wêwalês ing pangerang-erang.
32. Manuk cangak
Ana manuk cangak lumaku urut
pinggiring kali gêdhe, sumêdya golèk mêmangsan. Ora antara suwe sumurup iwak
wagal akèh sarta lêmu-lêmu. sanajan doyanane mangan iwak wagal, ewadene ing
nalika iku duwe karêp mangan kang ngluwihi saka ing enak. Sing dadi èsthining
ati iwak tômbra, dadi anampik wagal. Barêng lumaku manèh, sumurup iwak jambal
tuwin wadêr gilig pirang-pirang. Sarèhning kang mau nampik iwak wagal, môngsa
arêpa mangan iwak sokro. Mulane lumaku manèh antara suwe, nuli sumurup iwak
sênggaringan siji cêdhak lan gèthèk, rada kaling-kalingan lumut. Ciptane manuk
cangak: ngisin-isini [ngi...]
--- 57 ---
[...sin-isini] têmên mangan iwak
sênggaringan. Iku dudu pangananku, awit aku tau mangan wagal, apa aku andadak
ngilang-ilangake kangelan têka mangan sênggaringan, wadêr pari utawa sili.
Cangak nuli gêgancangan bali marang panggonan kang akèh wagale mau, ananging
wus ora ana siji-sijia manèh ngèngèhane. Cangak andêlêng ngiwa nêngên ora ana
iwak kumliwêr. Saking sêngkuding lumaku, kongsi bangêt ngintir-intire. Saupama
ing nalika iku ana iwak sênggaringan, amasthi iya enak. Wasana kang apik ing
pamilihe mau, marêm olèh kodhok kang alot daginge.
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
anampik samubarang kang bêcik, angarêp-arêp kang luwih prayoga, iku kêrêp olèh
kang ala dhewe.
--- 58 ---
33. Jago lan bêndarane
Ana jago gêdhe atine, acalathu
mangkene: ngêndi ana manuk kang nimbangi aku. Ngêndi ana kang sarwa bêcik
ngumpul dadi siji. Lair mula aku dipuji dadi ratuning manuk, têngènku wus
misuwur ing jaman kuna. Sanajan aku disawanga saka ing ngarêp utawa saka ing
buri, apa ana kabagusan kang ora ana ing awakku. Apa buntutku ora malêngkung
apatut, apa aku ora kapanduman wulu linuwih. Yèn aku lumaku agawe tênaga utawa
sarèh, prasasat sakèhing mata parane mung marang aku. Yèn aku lagi rinubung ing
babon, môngka ana kang kumowani amunasika, e, lah sida katiban jaluku têmênan,
môngsa andadak anjaluka banyu. Têkan samono kandhêg calathune, amarga dening
ngrungu wong gumuyu latah-latah sêmu nyêyampahi. Jago [Ja...]
--- 59 ---
[...go] bangêt nêpsune, banjur
anolih, wêruh bêndarane ngadêg. Bêndarane takon: sabab dening apa kowe
ngerang-erang aku. Jago amangsuli: punapa botên lêrês wicantên kula.
Wangsulaning bêndara: sumêngguhmu tuwin calathumu kang akèh-akèh mau mung agawe
guyuku, awit sing sapa anggunggung awakke dhewe, iya kêna bungah dening têmbung
panggunggung iku, ananging mêksa dadi campahan.
34. Wong desa lan sapine lanang
Ana sawijining wong desa, sabên
maluku nganggo sapine lanang gêdhe, bagus sarta rosa, ananging ora dhêmên
dimagawèkake, utawa diêtrapi pasangan. Sabên dimagawèkake, pugal amasang
sungune, apadene tandange anggèrèd waluku ora sêmpulur, andadèkake nêpsuning
wong desa.
--- 60 ---
Banjur sungune karo digraji, minôngka
ukume, ciptane wong desa: saiki lakuning waluku dak tanggung bêcike. Barêng
dipasangi waluku, sarèhning ora bisa anggudag banjur nyepak-nyepak, sing
nglakokake waluku gupak êndhut. Wong desa nêpsu bangêt, calathune: lah iya
gêntho dêlêngên, amasthi kowe ora bakal gawe nêpsune bêndaramu manèh-manèh. Wus
katog olèhku murih bêcikmu, kapasang yoga dene kowe lêmu, ing sadina iki uga
kowe bakal dak parakake marang jagal, supaya sirnaa pugalmu. Sapi kang lumuh
dimagawèkake sèjèn dina disêmbêlèh.
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
dibubuhi pagawean, môngka pugal utawa lumuh anggarap apadene kurang panarimane
marang kabêcikaning bêndara, iku amasthi nêmu kang ora prayoga.
--- 61 ---
35. Manuk cilik lan kucing
Ana manuk cilik siji, wus
pirang-pirang dina anitèni pratingkahing kucing duwe anak, anake kêrêp
diêlah-êlih. Ciptaning manuk: akal têmên kucing iku, anake diêlah-êlih, amurih
aja kongsi ana kang wêruh ênggone, ambokmanawa dimunasika. Manuk anuli takon
marang kucing: hèh kisanak, ngêndi olèhmu ngaji kaprayitnan lan akal, kang dak
alêm ana faidahe iku. Kucing sumaur: olèhku wêwulang iku saka ing lêlakoning
awakmu, awit aku wêruh anakmu kang manggung ana ing susuh tansah katiwasan
cinolong. Mulane aku rumêksa, aja kongsi anakku dicolong.
Êliding dongèng mangkene: wong
anitèni pratingkahing liyan, apadene anêngêri kaluputane, sarta anyingkiri
[anyingkir...]
--- 62 ---
[...i] kaluputan iku, wus tartamtu
liwih prayoga.
36. Ratuning kodhok
Ana têlaga akèh kodhoke, padha
têntrêm sarta ora ana kang ngarubiru, ananging durung marêm. Banjur anênêdha
ing dewa, muga-muga diparingana ratu, supaya anaa kang mapas alaning budine,
sarta angukum ing kaluputane. Dewa kang disuwuni ing nalika samana panuju
lêjar, anggêguyu ing panjaluk iku. Banjur anguncali tugêlan galondhong,
calathune: ênya iki ratumu. Mancurating banyu ing nalika tibaning tugêlan
galondhong mau, wiwitane bangêt andadèkake wêdine sakèhing kodhok, sarta ora
ana kang wani nyêdaki. Ananging ora antara suwe barêng didêlêng ora obah-obah,
sairib kaya
--- 63 ---
mati, banjur wiwit padha nyêdaki
alon-alon. Wasana barêng didêlêng ora nguwatiri, anuli nyoloti nganciki, agawe
pratingkah sawênang-wênang, sarta padha angewani. Sarèhning durung marêm olèh
ratu kaya mangkono, tumuli anglakokake kongkonan kodhok priyayi têtêlu marang
dewa, anjaluk ratu kang anduwèni pangawasa, awit ora dhêmên pisan-pisan marang
ratu kang wus diwènèhake mau. Dewa banjur anurunake manuk bango siji, minôngka
ukume. Bango ora sarônta enggal mangani kodhok, nutug ing sakarêpe. Kodhok
tumuli padha anênêdha marang dewa, muga linunturana ing sih, winêtokna saka ing
panganiayaning bango, utawa ambalèkna ratu kang ora duwe polah mau.
Wangsulaning dewa: aku ora marêngi, sarèhning kowe padha gêmblung, ora
--- 64 ---
dhêngêr yèn wus anêmu kapenak,
mulane saiki padha rasakna.
Êliding dongèng mangkene: manusa iku
yèn wus kapenak, anduwènana cipta bêgja, sarta dimarêm.
37. Singabarong lan tikus
Ana singabarong sayah anggone golèk
mangsan nganti lêsu awit dening panas, ngalèlèh sangisoring uwit gêdhe tur ayom,
sumêdya turu. Sasuwene turu, ana tikus lima padha playon munggah ing gigire,
agawe tangining singabarong, banjur anglumba andêmak tikus sawiji, sumêdya
dipatèni. Tikus anjaluk pangapura sarta amêmiringi, aja kongsi ratuning bêburon
kalepetan gêtihing bêburon kang sapele mangkono. singabarong amikir patut yèn
anuruti panjaluke tikus, ora talompe [ta...]
--- 65 ---
[...lompe] tikus kang tansah gumêtêr
diêculake. Ora antara lawas singabarong anjajah alas golèk mangsan, kêna ing
pasangan jaringing grêma. Sarèhning ora bisa mêtu saka ing jaring, banjur
sarosa anggêro swarane amêmêdèni. Tikus ngrungu panggêrone, ora pangling ing
swarane singobarong, enggal amarani panggonane. Satêkane ing kono, singabarong
dipurih aja wêdi, awit kabêcikane biyèn andadèkake prasanakan. Tikus anuli
tumandang anacah jaring, nganti ômba bêdhahe, singabarong banjur bisa mêtu.
Êliding dongèng mangkene: agawea
kabêcikan marang sarupaning wong, amasthi kowe olèh wêwalês bêcik.
38. Asu ngalèlèh ing makanan
Ana asu ngalèlèh ing makanan, kang
--- 66 ---
kêbak isi sukêt aking. Anuli ana
sapi lanang têka, bangêt ngêlihe, sumêdya mangan sukêt aking mau ing sawatara.
Ananging asu kang nistha ing budi, barêng andêlêng sapi têka, banjur anggêrêng
sarta mringis, ora awèh yèn sapi mangana sukêt aking sathithik-thithika. Sapi
bangêt susahe, cangkelak bali, calathune: ala têmên kowe asu candhala ing budi,
kowe pancèn ora mangan sukêt, ana kang arêp mangan kowe ora awèh.
Êliding dongèng mangkene: yèn wong
dêduwe kang ora ana faidahe ing atase awake dhewe môngka ora awèh jinaluk ing
liyan, kang prêlu ing gawene, iku tôndha yèn atine alaning ala.
39. Asu lan wêwayangane
Ana asu ala ambêk julig, nyolong
[nyo...]
--- 67 ---
[...long] daging satugêl, lumayu
anggêndring, tumêka ing kali bêning banyune, ana krêtêge. Barêng lakune têkan
satêngahing karêtêg, andêlêng mangisor, wêruh wayangane sajroning banyu, kinira
asu seje anggondhol daging, sumêdya rinêbut, nuli enggal mancolot anyêguri.
Saking kêthahane ora olèh apa-apa, malah daging kang digondhol marucut,
sanalika kêlêm banjur ilang.
Êliding dongèng mangkene: wong
kêthaha ing budi, yèn ngôngsa-ôngsa murih wuwuhing duwèke, malah kêrêp kelangan
kabèh.
40. Uwong lan kuldine
Ana wong tuwa duwe kuldi siji,
diêtrapake ing gawe luwih dening abot. Iya bênêr ora kurang pangane, [panga...]
--- 68 ---
[...ne,] diêngon ing ara-ara kang
akèh sukête bêcik-bêcik, amurih kuwate, ananging kabotan ing gawe. Anuju ing
sawiji dina, wong tuwa mau ngrungu pawarta, yèn ana mungsuh têka, kêbat amarani
kuldine, sumêdya ditunggangi, sabisa-bisane kapurih lumakua rêrikatan. Kuldi
calathu: kula mugi sampeyan sêrêpakên rumiyin, mêngsah-mêngsah ingkang dhatêng
punika pandugi sampeyan punapa badhe ambêbahi padamêlan dhatêng kula, awratipun
tikêl kalih padamêlan kula wontên ing sampeyan. Wong tuwa amangsuli: kiraku
ora. Kuldi calathu manèh: manawi makatên, saèstu kula badhe botên lumampah
satindak, awit mênggahing kula, sintên-sintêna ingkang anggadhahi, sampun
narimah, anggêr panyanggi kula ing padamêlan salami kula gêsang, awratipun sami
kalihan wontên kula ing sampeyan.
--- 69 ---
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
korêngkuh kaya tukon, amasthi ora asih ing kowe.
41. Manuk manyar lan anak-anake
Ana manuk manyar nusuh ing patêbon,
êndhoge wus padha nêtês. Ing nalika samana têbune ngarêpake tuwa, sumêlange,
ambokmanawa dirêmbang sadurunge anak-anake bisa mabur atinggal susuhe. Barêng
arêp lunga golèk loloh, atinggal wêkas marang anak-anake, kapurih
ngrungok-ngrungokake calathune kang duwe têbu, yèn mulih dituturna. Salungane
manuk manyar, anak-anake ngrungu calathune kang duwe tanduran têbu mara anake
lanang, têmbunge: pangrasaku têbu iki wus sêdhêng tuwane, karêpku, sesuk-esuk
kang esuk kowe lumakua mênyang omahe
--- 70 ---
para mitra lan tôngga-tanggaku,
padha purihên mrene, amitulungi ngrêmbang têbu. Barêng manuk manyar têka,
anak-anake padha gumêtêr sarta muni angrubung êmbokne, nuli awêwarta bab kang
rinungu mau, sarta padha duwe panjaluk diêliha tumuli. Wangsulane êmbokne: aja
sumêlang, awit yèn kang duwe tanduran têbu ngandêlake ing pitulunge para mitra
lan tôngga-tanggane, aku masthèkake, têbune sesuk ora dirêmbang. Esuke manuk
manyar lunga golèk loloh manèh, nganggo tinggal wêkas marang anak-anake, kaya
kang wus kasêbut ing ngarêp mau. Kang duwe tanduran têbu têka, angarêp-arêp têkane
sambatane, kongsi wus panas durung lêkas angrêmbang, awit para mitra lan
tôngga-tanggane ora ana kang têka mitulungi. Anuli calathu marang anake lanang:
dak dêlêng para mitra lan tôngga-tanggaku ora kena diandêlake,
--- 71 ---
mulane kowe saiki lumakua, ngundangana
paman-paman tuwin sadulur-sadulurmu nak-sanak. Purihên mrene ing dina sesuk
kang esuk, amitulungana ngrêmbang. Satêkane manuk manyar, anak-anake bangêt
mirise, tutur ing êmbokne bab kang rinungu mau. Saure êmbokne: yèn mung
mangkono bae, kowe aja wêdi ênggèr, awit sanak sadulur iku kalumrahane ora pati
rikat tulung-tinulung. Mung wêkasku, sesuk rungok-rungokna manèh kang dicatur,
nuli tuturna ing aku. Esuke manuk manyar lunga manèh kaya adat, kang duwe
tanduran têbu barêng wêruh yèn sanak sadulure talendho, padha uga lan para
mitra lan tôngga-tanggane, acalathu marang anake lanang: kowe sesuk cawisa arit
loro kang prayoga, têbune bakal dakrêmbang dhewe. Barêng manuk manyar diwartani
ing anak-anake bab calathune [calathu...]
--- 72 ---
[...ne] kang duwe tanduran têbu kaya
mangkono mau, pangucape: yèn mangkono aku lan kowe amasthi nêmu karusakan, awit
yèn wong sumêdya tumandang angawaki dhewe, pagaweane kalumrahane sida kalakon.
Sawuse calathu mangkono: anak-anake tumuli diungsèkake sanalika. Esuke têbu
dirêmbang dening kang duwe karo anake lanang.
Êliding dongèng mangkene: Aja
angandêlake pitulunge ing para mitra tuwin sanak sadulur ing samubarang
pagawean, kang kowe kaduga anggarap dhewe, awit pitulung mau ora kêna
kopasthèkake.
42. Macan Tutul lan Cêmpe
Ana macan tutul lan cêmpe kapanujon
barêng ngombe ing kali, macan tutul ana
--- 73 ---
ing dhuwur, cêmpe ana ing ngisore
kapara adoh. Macan tutul anuli sumêdya gawe pêpucuking padu, atakon marang
cêmpe: sabab dening apa kowe wani-wani ngubak-ubak ambuthêkake banyu kang dak
ombê. Cêmpe wangsulane karo andharodhog: kadospundi anggèn kula sagêd
ambuthêkakên toya, amargi ilinipun saking panggenan sampeyan dhumatêng
panggenan kula. Macan tutul rumasa kawêlèh. Anuli salin panarka, calathune:
saprene wus ana nêm sasi lawase kowe angala-ala ing aku. Cêmpe sumaur: punika
nglêngkara, awit kala samantên kula dèrèng wontên. Macan tutul calathu manèh:
iku ora ngapaa, yèn dudu kowe, iya bapakmu, utawa sanak sadulurmu, kang
ngala-ala ing aku. Sawuse calathu mangkono, cêmpe ditubruk, banjur dimôngsa.
--- 74 ---
Êliding dongèng mangkene: yèn wong
ambêksiya lan ora adil akanthi pangawasa, sumêdya anandukake piala, sanajan
têtêlaa saka ing ature kang nêdya dialani yèn ora dosa, iya uga tanpa gawe
ature.
43. Bocah-bocah lan kodhok
Ana bocah akèh padha dolan
sapinggiring têlaga kang akèh kodhoke. Dene kang dadi kabungahane salepatan,
pira-pira kèhing watu kang dislepatake ing banyu, bangêt andadèkake kuwatiring
kodhok. Wasana ana kodhok siji kang kêndêl dhewe mancungul, calathune: hèh
bocah-bocah, ya gene kowe têka enggal têmên anggêgulang adate bangsamu, kang
anandukake pratingkah niaya. Wruhanamu, olèhmu dêdolanan iku
--- 75 ---
agawe bungahmu, nanging andadèkake
prihatinku sapanunggalanaku kabèh.
Êliding dongèng mangkene: kabungahan
kang andadèkake prihatining liyan, iku ora bênêr.
44. Kodhok lan sapi lanang
Ana kodhok kapengin angêmbari
gêdhening sapi lanang, kang lagi mangan ana ing panggonan rancah, banjur nyoba
malêmbung, pangarahe arêp madhani gêdhening sapi mau. Barêng wus malêmbung
antara suwe, atakon marang sadulure wadon: Kapriye adhi pangiramu, apa bisa
kalakon dadi gêdhe kaya sapi iku. Saure kang ditakoni: ora ana èmpêre. Kodhok
malêmbung manèh,sarta takon: nah kapriye adhi pangiramu. Saure: ora mèmpêr
pisan-pisan.
--- 76 ---
Kodhok malêmbung manèh, sarta
calathu: sapisan iku mastha[8] padha. Saure: ora môntra mèmpêr. Rêringkêsane kodhok mau
mêksa malêmbung ambal-ambalan, wasana wêtênge bêdhah, banjur mati ing ênggon.
Êliding dongèng mangkene: yèn wong
cilik kudu-kudu animbangi dhêdhuwurane, kêrêp tumiba ing karusakan.
45. Singabarong, macan lan asu ajag
Ana singabarong lan macan barêng
anubruk komprèng, anuli padha kêrah, minôngka watoning karampungan, sapa kang
mênang, iya iku kang anduwèni komprèng mau. Amarga saking rame sarta suwening
kêrah, tuwin akèhing wêtuning gêtih, kapêksa padha lèrèn. Saking bangêting
sayah, banjur padha ngalemprak kalawan parukunane sakarone. Ing nalika iku
[i...]
--- 77 ---
[...ku] ana asu ajag têka, andêlêng
kahananing singabarong lan macan, enggal amarani, komprèng tumuli digawa
lumayu. Barêng singabarong wus rada aring, wêruh ilanging burukan ginawa ing
asu ajag, banjur calathu: gêmblung têmên aku lan si macan, kang bênêr padha
narima ing sapandumaning burukan. Saking riwuting nêpsu, kongsi ora bisa
malangi burukan ginawa ing asu ajag.
Êliding dongèng mangkene: riwute
wong parapadu iku awèh dalan marang kang ngêmbat prakarane, bisane ngêpèk
samubarang kang pinadu.
46. Wong desa, manuk cangak lan
bango
Anuju ing sawiji dina ana manuk
bango siji nunggal lan manuk cangak ing sawatara kèhe, kang panuju padha arêp
lêlungan bungah-bungah. Dene kang dadi kabungahane, [kabungaha...]
--- 78 ---
[...ne,] bakal mangan iwak ing
balumbanging wong desa, kang omah cêdhak ing kono, bango saguh milu. Satêkane
ing panggonan balumbang, konangan sanalika, banjur padha kacêkêl kabèh.
Sarèhning manuk cangak wus kacirèn lawas mungguhing alane, ora bisa calathu
akèh-akèh, banjur padha dipatèni. Ananging bango akèh paolane, ênggone murih
urip. Calathune lagi sapisan iku anglakoni panggawe ala, sarta wus kocap ing
katrêsnane marang wong tuwa-tuwane, tuwin akèh kautamane. Wangsulane wong desa:
aku ora maido mungguh bangêting katrêsnanmu marang wong tuwa-tuwamu, tuwin
mungguh kautamanmu, ananging sarèhning kowe katêmu awor ing laku ala, iku
andadèkake panggrayangan, mulane ora kêna ora kowe amasthi dak belakake marang
pêpasthèning rowang-rowangmu.
--- 79 ---
Êliding dongèng mangkene: sing sapa
kumpulan karo wong ala, amasthi kalepetan ing alane.
47. Kucing kang dhêmên gawe prakara
Ana kucing loro nyolong kèju
satugêl, ora bisa rujuk mungguhing pangêdume. Amurih sirnaning sulaya, sakarone
padha rukun akon ambênêri marang kêthèk. Kathèk[9] dhangan ambênêri, tumuli anjupuk traju, kèju diparo, didokokake
ing traju, calathune: mêngko dak purih padhaa bobote. Lah, sing satugêl iki
anjomplangake sasisihe. Sawuse calathu mangkono, kèju kang abot mau dikrokoti
akèh, kapurih padhaa bobote. Barêng didokokake ing traju, anjomplang, kang abot
anuli dikrokroti. Kucing loro [lo...]
--- 80 ---
[...ro] andêlêng pratingkahing
kêthèk mangkono, ora enak atine, calathune: uwis, uwis, wèhna pandumanaku, aku
sakarone wus padha narima. Kêthèk amangsuli: iya kowe wus padha narima,
ananging pangadilan durung narima. Prakara bruwêt kang kaya iki ora bisa
rampung tumuli. Kêthèk ambanjurake ênggone ngrokoti kèju gênti-gênti, barêng
kucing loro sumurup yèn kèjune saya suwe saya akèh kalonge, aduwe panjaluk
marang kêthèk, dipurih nguwisana ing panrajune, sakarining kèju dijaluk. Kêthèk
sumaur: ambok aja kasusu mangkono kisanak, êtraping adil iku kudu bênêr, kang
sapisan ing atase kang ngadili, kapindho tumrape marang kang diadili.
Sakarining kèju kabênêr dadi bubuhanaku, sumurupa tuwase kangelan aku. Sawuse
calathu mangkono, [mangko...]
--- 81 ---
[...no,] sakarining kèju diêmplok,
banjur lunga saka ing ênggon bêbênêran.
Êliding dongèng mangkene: aja dhêmên
prakaran, awit rampunging prakara, adat kang pinadu lupute kari sathithik, iya
êntèk kabèh.
48. Lêmud lan tawon
Ana lêmud ngathêthêr dening adhêm
sarta kalirên, wayah esuk umun-umun têka ing omahing tawon, anjaluk sih
pitulunge, saguha mulang gêndhing marang anak-anaking tawon, mung diwèhana
ingon lan pondhokan bae. Tawon ora pati rêgêp anggone nêmoni lêmud, sarta
nampik ing panarine. Lêmud calathu: anak-anak kula sami kula wulang ing
padamêlan kula ingkang kathah faidahipun, supados manawi sampun sami agêng
pikantuk pangupajiwa ingkang [ing...]
--- 82 ---
[...kang] prayogi, sarana saking
tabêrinipun. Tawon sumaur: pripun têka dika anduwèni kira-kira, yèn kula bakal
akon mulang anak-anak kula sawijining kawruh, kang andadèkake malarating
gurune, kongsi nglakoni papriman.
Êliding dongèng mangkene: tanpa gawe
amituturi uwong, yèn lêpiyan kang katon ing awake nyulayani yêktining pituture.
49. Tabêri lan kêsèd
Ana jêjaka ngêpluk, ditakoni kang
dadi sabab yèn tangi turu wayah esuk sabên-sabên kongsi kawanên. Wangsulane:
salawasku urip sabên esuk anampani prakara, ana prawan loro, aran Si Tabêri lan
Si Kêsèd, sabên esuk samôngsa aku tangi nyêdhaki paturonku, padha ngladèkake
--- 83 ---
prakara. Si Tabêri ngatag tangiku,
Si Kêsèd murih isihku ana ing paturon, sarta padha anuturake sabab, mulane aku
dipurih tangi, tuwin dipurih isiha turu, iku kang ngandhêg-andhêgi, pamikirku,
wajibe wong nyêkêl bêbênêran kang ora bau kapine, kudu-kudu ngrungokake ature
kang anggugat lan kang ginugat, ananging sadurunge aku anibakake karampunganing
prakara, kasêlak wus mangsane mangan.
Êliding dongèng mangkene: wong urip
iku ing samubarang prakara utawa gawe, aja katlompèn dening pamikir.
50. Wong Lêlaku lan kanthong wadhah
dhuwit
Ana wong loro bêbarêngan padha
lêlaku, kang siji wêruh kanthong isi dhuwit, sumèlèh ing lêmah, banjur dijupuk,
calathune: esuk iki aku bêgja [bê...]
--- 84 ---
[...gja] têmên, dene nêmu kanthong
isi dhuwit. Kancane anyambungi: iya dhasar bêgja, ananging pangrasaku, luput
calathumu iku, bênêre ngucapa aku wong loro lan kowe kang nêmu, ora mung aku
bae. Awit yèn mitra loro padha lêlaku, salah sawiji nêmu bêgja, patut kancane
kapandumana. Kang nêmu kanthong amangsuli: iku ora mangkono, sing nêmu aku, ya
aku kang anduwèni. Sawuse calathu mangkono, ora antara suwe padha kagèt
angrungu wong alok-alok maling nyêbrot kanthong isi dhuwit ana ing dalan. Kang
nêmu kanthong mau calathu: o lah bilahi, aku lan kowe amasthi dicêkêl. Kancane
sumaur: yèn lêga atimu aja calathu aku lan kowe, mung ngucapa aku bae kang
amasthi bakal di cêkêl, mulane mangkono, awit kowe ora gêlêm awèh pandumane
kang kotêmu, dadi
--- 85 ---
ora bênêr yèn aku milua nandhang
paukumane.
Êliding dongèng mangkene: yèn wong
sajroning kabêgjan ora pisan gêlêm mandumi marang sapadha-padhane tumitah,
môngka tumiba ing bilai, ora bênêr yèn anduwènana karêp dibelanana.
51. Pangrêsulaning jaran jawa
Mêgatruh
1. adhuh-adhuh êmbok uwis ing
pamêcut / têka dêrêse kêpati / ingkang tumiba awakku / nadyan karosan mèh
ngênting / kinapakna dadi lakon //
2. dak gèndènge karo mlayu sakêlarku
/ adus kringêt dak têmahi / elinga mring sangsaraku / ngêmot barang kèh linuwih
/ nora lali ngêmot uwong //
3. kusung-kusung karo mlayu ngalor
ngidul / ngulon ngetan bola-bali / sadina-dina [sadina-...]
--- 86 ---
[...dina] amuput / panas udan tan
tinolih / tan praduli lêbu jêblog //
4. nadyan ana dalan ingkang munggah
mêdhun / malah sinêrang ing laris / ginêntêr kinrutug pêcut / nguyuh bae
angêntèni / manawa wus tutug ngêpos //
5. dene pangan sasat mung sarat kang
sinung / tètès sukêt anyathithik / ing pamangan durung tutug / cangkêm dithuki
kêndhali / budhal manèh angaloyong //
6. tega têmên pikirmu mring
sangsaraku / pêcutmu kadi garimis / lah muga-muga Hyang Agung / mêlasi dasih
kaswasih / raga aprasasat losoh //
7. leloh angglah kasulayah dahat
angluh / susah rumanti tan lilih / lah iya ta puluh-puluh / sêpi tan ana
anggalih / dadi raga lir kêloloh //
8. aku urip pasthi tan lawas
kapetung / ananging iku dak tanting / yèn aku rumasa [ruma...]
--- 87 ---
[...sa] untung / timbang urip
montang-manting / aluwung umur pinotong //
9. gawe gawok si kusir têka ambêsur
/ ajêg siya nora gingsir / nadyan aku ngangsur-angsur / pêcute nora nalisir /
tumiba awak kang asor //
10. tiba gigir sikil bokong sirah
gulu / kumrutug tansah anggili / karo ngantuk tan andulu / nora lèrèn wali-wali
/ sirahe agela-gelo //
11. kaya-kaya si kusir lamun
anyambuk / dadi kasênêngan ati / awit sambukira manut / tan andaga ing sakarsi
/ rak iya agawe gawok //
12. aku apa mung dadi pakaning pêcut
/ mulane aku dumadi / apa karsaning Hyang Agung / nadyan aku anglakoni /
sarêgêp kongsi angatog //
13. iya mêsthi kudu diasihi pêcut /
nanging pangan anyingkiri / sajêg urip lir kacinthung [ka...]
--- 88 ---
[...cinthung] kongsi ing saturun
kunthing / wêtêng ketung ajêg kothong //
14. aku eram aku gawok aku gumun /
apa wus lumrahe janmi / watêke siya kalangkung / sarta nora amraduli / tanpa
têpa apa tumon //
15. nora nana ingkang murinani aku /
apa wong nora ningali / karingêtku lir kaêpuh / tansah andarodos mili / gumêtêr
satêngah lempoh //
16. anyar iki ana swara kang kêrungu
/ panguwuhira dumêling / mangkene wêtuning têmbung / sambukmu sirnakna aglis /
nanging iku tanpa dados //
17. kusir-kusir isih mêksa tanpa
kusur / rusiyane tanpa gingsir / tan praduli ing pangangsur / nêsêr trap kasar
kaungsir / siyane lumuh yèn kasor //
18. nadyan uwong lanang ingkang
sugih kawruh / wadon kang watêke ririh / bisa
--- 89 ---
têpa-têpèng kalbu / lan bocah kang
duwe ati / wêlasan mau kabèh wong //
19. tita nora nana kang atine mêtu /
trêsna mring jaran kêpati / kaya kêkasih kang èstu / lah iku lamun tiniti /
masthi gawoke katongton //
20. kusir têka nora kêndhat ing
panguwuh / panggirine luwih-luwih / angatag rikate wuwuh / tanganira kaya papin
/ yèn sambuke tan jumêdhor //
21. anibani ing sakênane awakku /
nadyan aku sipat kuping / angêtog ing karosanku / iya nora dilèrèni / pinilara
datan anggop //
22. yèn rinasa sapi katimbang lan
aku / isih mêksa mulya sapi / sanajana sapi iku / sok disambêlèh ing janmi /
rak nuli putus kang lakon //
23. mung sapisan larane anuli
rampung / balik ta awakku iki / tansah dipun êmbut-êmbut [ê...]
--- 90 ---
[...mbut-êmbut] / sangsara
linami-lami / ing wasana prapta ing don //
24. iya nandhang pati lara rasanipun
/ tan beda patining sapi / tariking nyawa tartamtu / mawa lara anggirisi /
ingkang sajêg durung tumon //
25. adhuh lae apa ta kalantur-lantur
/ nora nana kang mêlasi / mring kahananing awakku / apa nora nana janmi / kang
ngreka tulung maring ngong //
26. matur nyuwun adil mring parentah
agung / karo wong isining nagri / kang duwe wajib bab iku / apa nora darbe osik
/ nyuda rusiyaning uwong //
27. kêbangêtên bênêr apa manèh luput
/ datan kêndhat dipêcuti / sapa kang ngwasani aku / lah ambok iya mêlasi /
kêndhata pêcuting uwong //
28. kang tumiba awakku kang luwih
kuru / amung balung karo kulit / kurang pangan tanpa
--- 91 ---
turu / tanpa lèrèn nyambut kardi /
tan êsah pinala uwong //
29. iya akèh uwong kang wani angaku
/ rumasa sih mring kaswasih / wêlas mring kewan kang kawus / kinaniaya lir kang
wis / yêktine iku ngalowos //
30. amung mandhêg gunêm bae tanpa
jêbul / si kewan amaksa tobil / pasambate nora kabul / tansah dadi ombal-ambil
/ lulus cilakane ombol //
31. adhuh sapa baya wong kêduga
nulung / golèk akal kang tumiling / nyuda tiwas kang kumalung / ing kewan kang
tansah oling / kêbyakan susah gumolong //
32. sapa ingkang ngrungu sambat
panangisku / kang mubal lir sundhul langit / prapta ngarsaning Hyang Agung /
muga kasdu anulungi / enggal ngrêbut awak ingong //
33. saka kusir ingkang watêk tanpa
kusur / asire tan nêdya gingsir / panêmune sasar-susur [sasar-...]
--- 92 ---
[...susur] / nêsêr tingkah kang
nalisir / nora wruh iku trap asor //
34. lamun kusir angrungu ana wong
nguwuh / kusir dhokar andhong nuli / kusir iku gupuh-gupuh / sêlèt- sêlèt
anyambuki / pucuk pêcut tiba ingong //
35. sakêbangkat sakêlar aku lumayu /
anarik dhokar tumuli / ananging saka sayahku / luwe lungkrah ambarêngi / bayu
otot lir linolos //
36. kasuh kasoh kasulayah
angalumpruk / sagah karosan ngoncati / rumasa tutug ajalku / prandene rasaning
ati / bangêt sokur ing Hyang Manon //
37. ingkang awit pati kang
kalangkung-langkung / larane ngedab-edabi / nanging saka timbanganku / iku isih
luwih bêcik / tinimbang urip milu wong //
38. adhuh lae malaekat kang arawuh /
tega têmên dhatêng mami / punapa arawuhipun [arawuhi...]
--- 93 ---
[...pun] / têka kasèp ulun anti /
amulunga nyawaningong //
39. lah punapa paduka botên angrungu
/ sambat kula sundhul langit / anênuwun ing Hyang Agung / nyuwun cinupêt tumuli
/ tan kwawi ngladèni uwong //
40. pêjah kula punika nugraha agung
/ satata kawula anti / birata sangsara ulun / sajêg kang tansah rumanti / tan
othak-othak datan gop //
41. hèh baskara kang tulung madhangi
aku / gêdhogan ngiyomi mami / karia padha rahayu / ing mêngko aku sumingkir /
sumingkir saka ing ênggon //
42. paukuman dak anggêp naraka
nglangut / ya muga-muga Hyang Widi / karsa anyèlèh nyawaku / ana ing papan kang
bêcik / aja kongsi ginodha wong //
43. dene kowe kusir kang mêrês
kringêtku / iya bungaha ing ati / dene kang
--- 94 ---
koaru-biru / samêngko tutug ing
jangji / mung aku tutur marang wong //
44. kawruhana lara tariking nyawaku
/ iku durung amadhani / lan lara ingkang ngêlangut / linalama dening janmi /
rinusiya sakarsèng wong //
45. adhuh gusti ingkang asipat
Mahagung / O Allah kang Maha Suci / mugi ... / O tobat o botên Gusti / ulun
narimah ing lakon //
46. ingkang wau kawula kalangkung
limut / samukawis kang dumadi / rak sampun karsèng Hyang Agung / kasangsaran
ulun inggih / sampun karsaning Hyang Manon //
47. namung mangke kawula darbe
panuwun / sasampuning ulun lalis / mugi tiyang manahipun / tinarbuka ing Hyang
Widi / kraosa kadi manah ngong //
48. dados darbe wêlas dhatêng para
makhluk / maring bôngsa ulun ugi / sampun angantos [a...]
--- 95 ---
[...ngantos] kêlantur / anggantêr
rusiya mintir / cangkiling mantun anggêntor //
49. mugi-mugi bôngsa ulun ingkang
kantun / sanadyan anyambut kardi / nging sampun kêlangkung-langkung / anggèning
midana sami / kapal manut sapangrèh wong //
50. tan lênggana anggèndèng kalih
lumayu / ananging ta mugi-mugi / ing wingking pra janma kudu / têpa sarira
pribadi / yèn anggèndèng ingkang abot //
51. kalih mlajêng rak inggih
langkung pakewuh / yèn mawi dipun pêcuti / kadipundi raosipun / punapa ta
nyakecani / cobi cinoba dening wong //
52. kula inggih botên nyuwun mring
Hyang Agung / kang supados para janmi / kabêndon antuk sêsiku / malah nuwun mugi-mugi
/ karaharjana praptèng don //
No comments:
Post a Comment