Friday 5 April 2013

WADER PARI LAN BANGO THONTHONG
Dening Arih Numboro

Sore kuwi ana bango thonthong tuwa saba ing sendhang cilik ing sacedhake wit gedhe papan anggone turu. Si bango thonthong keluwen jalaran sedina muput udane nggrejeh, dadi dheweke ora bisa golek pangan. Wektu kuwi sabenere isih riwis-riwis, nanging si bango thonthong nekad nyemplung ing sendhang jalaran wetenge ora kena disemayani maneh, njaluk diisi.
Hawa sing adhem njalari si bango thonthong minggrang-minggring anggone bakal nyemplung sendhang. Siji mbaka siji sikile dicemplungake kanthi alon. Panyawange banjur sebarake ing saindhenge sendhang. Rada sawetara panyawange si bango thonthong ora numbuk anane kewan banyu sing dadi pangane. Wader pari sing kulina ngambang ya ora ana katon.
“Apa padha kadhemen kaya aku iki, ya?” batine si bango thonthong. “Yen kaya ngene terus, aku bakal keluwen dina iki. Apa ya bisa turu yen weteng luwe?”
Alon-alon sikile dijangkahake ngubengi sendhang. Ora antara suwe panyawange numbuk barang sing ngambang ing pinggir sendhang. Si bango thonthong ngerti yen sing ngambang kuwi wader pari. Batine seneng banget jalaran wetenge bakal kisen senajan mung wader pari cilik. Bareng wis cedhak, wader pari kuwi banjur dithothol.
Wader pari kaget. Dheweke ora ngira yen bakal dithothol bango thonthong.
“Wadhuh, sida mati dina iki aku.” batine si wader pari.
Bango thonthong seneng banget dini kuwi sida oleh pangan. Nanging wader pari kuwi ora enggal diulu, mung diemut ing cucuke. Ing batine duwe karep wader pari kuwi bakal diulu yen wis tekan papane yen wis arep mapan turu. Sabab yen enggal diulu, mesthi bakal enggal luwe maneh jalaran wader pari kuwi pancen mung cilik. Utawa manawa ana kemliwere wader liya si wader pari sing ana cucuke lagi bakal diulu lan banjur bakal nucuk wader liyane.
Ngerti yen bakal teka ing pesthi, si wader pari banjur tuwuh akale. Dheweke sambat-sambat sinambi angunggung marang si bango thonthong. Sakabehe perangane awake si bango thonthong dialem, diapik-apik.
“Siwa, siwa bango thonthong. Sikilmu rosa kaya sikile garudha.”
Si bango thonthong kaget. Dheweke ora ngira yen bakal digunggung si wader pari. Atine bango thonthong seneng banget krungu panggunggung kaya ngono kuwi. Sasuwene umure lagi pisan kuwi dheweke digunggung. Mula atine senenge kepati. Sinambi mingkem bango thonthong wangsulan: “He-eh.”
“Cakarmu malah luwih rosa tinimbang cakare garudha, Wa.”
“He-eh,” wangsulane si bango thonthong. Atine bango thonthong mongkog krungu tembunge si wader pari.
“Wa, siwa bango. Swiwimu gedhe tur rosa kaya swiwine garudha.”
“He-eh”
“Yen mabur gagah kaya garudha ya, Wa?”
“He-eh, he-eh,” wangsulane bango thonthong sinambi manthuk-manthuk.
Krungu wangsulane bango thonthong sing rumangsa seneng yen digunggung kaya ngono kuwi, wader pari uga saya seneng jalaran akale bakal uwal saka cucuke bango thonthong bakal kelakon. Sing ateges dheweke uga bakal bisa urip. Mula saya luwih-luwih anggone nggunggung bango thonthong.
“Siwa, siwa bango. Gulumu rosa kaya gulune garudha. Bener apa ora, Wa?”
“He-eh.” Wangsulane bango thonthong sinambi mingkem.
“Wa, siwa bango. Kowe ngerti apa ora, Wa. Awakku iki rak cilik ta, Wa.”
“He-eh.”
“Nanging yagene kowe bisa ngerti yen aku nglangi ing pinggir sendhang iki?”
Bango thonthong mung meneng, ora wangsulan. Dheweke ora ngerti apa sing dikarepake dening si wader pari.
“Wa, yagene kowe ora wangsulan?” pitakone wader pari.
“Heh.” swarane bango thonthong sinambi gedheg-gedheg.
Wader pari kecelik. Karepe mono kanthi pitakon kaya ngono, si bango thonthong gelem wangsulan kanthi omongan. Manawa omongan, cucuke mesthi bakal menga. Lah ing kono kuwi dheweke bakal mencolot metu saka cucuke bango thonthong. Jebul luput. Seje karo karepe. Bango thonthong mung mingkem wae.
“Kowe ora ngerti sing tak karepake, Wa?”
“Heh.”
“Ngene, Wa. Mripatmu tajem kaya mripate garudha. Mulane kowe bisa weruh awakku sing mung cilik. Kamangka olehku nglangi ora nyedhak kowe. Rak ngono ta, Wa?”
“He-eh.” wangsulane bango thonthong. Atine saya seneng digunggung dening si wader pari.
Wader pari meneng sawetara suwene. Dheweke saya judheg. Piye anggone bakal golek akal sing bisa njalari si bango thonthong omongan. Kanthi panggunggung kaya ngono bango thonthong mung wangsulan “he-eh” thok. Dheweke panggah mingkem.
Wektune saya mrambat. Sore wis ngancik surup. Si bango thonthong wis ora duwe pengarep-arep yen bakal ana wader pari liya. Kejaba kuwi si wader pari wis ora nggunggung dheweke. Mula dheweke ancang ancang bakal mabur bali menyang papane putu. Alon-alon sikile dijangkahake tumuju pinggir sendhang lan banjur mabur.
Wader pari sing ana cucuke bango thonthong saya entek pengarep-arepe bakal bisa urip luwih dawa. Akale diputer seser. Sadurunge bango thonthong mabur, dheweke kudu bisa uwal saka cucuke bango thonthong lan bali nyemplung ing sendhang.
“Siwa bango.” guneme wader pari sawise nemokake akal kanggo uwal saka pepati.
Bango thonthong ngendhegake jangkahe.
“Cucukmu, Wa. Cucukmu rosa kaya cucuke garudha.” ucape wader pari.
Krungu cucuke sing gedhe lan dawa dipadhakake karo cucuke garudha, atine bango thonthong seneng banget jalaran rumangsa yen memper temenan. Mula wangsulane sing maune mung “he-eh” dibacutake kanthi guyu lakak-lakak merga saka senenge atine.
“He-eh… ha… ha… ha…”
Kanthi patrap anggone ngguyu kaya ngono kuwi mau, cucuke bango thonthong menga amba. Mula si wader pari banjur mencolot metu saka cucuke bango thonthong bali nyemplung menyang sendhang. Atine wader pari seneng banget jalaran bisa uwal saka pepati.
Sedheng si bango thonthong gela jalaran sedina kuwi dheweke ora oleh pangan. Wader pari sing wis nyemplung sendhang dienteni kanthi pangajab bakal ngambang maneh. Nanging nganti sawetara anggone nunggu, si wader pari ora katon ngambang ing pinggi sendhang. Wekasan si bango thonthong banjur mabur bali menyang peturone kanthi telih sing luwe. Dheweke getun banget, merga seneng digunggung njalari kapitunan. ***

No comments:

Post a Comment