Friday 5 April 2013

LAYANG SAKA MALAYSIA

Tekane Pak Pos sing nggawa layange Kodrat dipapagake Palupi kanthi esem sumringah. Pak Pos dhewe sing mangerteni kabagyane Palupi uga melu mekarake eseme.
"Dhik, layang sing saiki beda karo biyasane, lho." tembung Pak Pos sareh.
"Kok, benten kados pundi ta, Pak?"
"Coba dipirsani dhewe sing beda apane." tembunge Pak Pos maneh sinambi ngulungake amplop warna jambon sing ana gambare ati warna abang akeh banget.
Palupi mekarake eseme dadi guyu sing dincrit-incrit sajak mamerake barisaning untune sing putih tharik-tharik.
"Ya, wis, dhik. Selamat berbahagia." tembunge Pak Pos pamitan nalika Palupi isih kesengsem karo latang sing siki ana tangane.
Palupi age-age mlebu kamare. Dheweke selak kepengin mangerteni surasaning layang sing pancen beda karo layang-layang sadurunge.Layang sing warna jambon iki kejaba akeh gambare ati uga rada kandel, beda karo layang sing dhisik-dhisik sing mung warna putih tur tipis pisan.
Alon-alon Palupi nyuwek amplop. Sinambi turon, layang dijereng banjur diwaca alon-alon.
Kekasihku, Jeng Palupi sing daktresnani.
Jeng, layang iki daktulis nalika aku ing wengi iki ora bisa ngeremake mripatku senajan mung sedhela. wewayanganmu tansah teka ing mripatku kanthi prupan suntrut, sajak ngemu sedhih sing banget. Apa sliramu ing wektu iki lagi sedhih? Aja, ya, Jeng. Aja sedhih. Semono uga sawise sliramu maca lan mangerteni isining layang iki.
Palupi mesem, senajan dheweke durung mangerteni karepe pambukaning layang kuwi.
Jeng, critaku dakwiwiti saka prekara gaweanku. Ing preusahaan sing dakeloni, karierku saya suwe saya apik. Kaya sing dakwartakake ing layangku kepungkur menawa saiki aku dadi nahkoda. Aku dadi pucuk pimpinan ing kapal kuwi. Kamangka umurku lagi ngancik umur telungpuluh taun. Ya, bab iki, Jeng, sing ndadekake meri lan iri ing saperanganing kanca-kancaku. Nanging aku ora ngrewes bab iki, awit kabeh mau dakanggep biasa. Tegese ngene, yen ana salah sawijining karyawan sing antuk kalungguhan sarana istimewa, kaya sing dakalami, yen ana sing meri kuwi mono tembung lumrah. Mula saka kuwi, Jeng, aku tetep ngleksanakake tugasku kanthi apik, ora maelu prekarta-prekara sing bakal gawe rugining karierku apadene perusahaan.
Jeng, nganti wektu iki aku tetep apik ora ana alangan sawiji apa. Aku tansah pinaringan karahayon dening Gusti. Nganti saiki, nalika layang iki daktulis sawise aku sholat tahajut.
Palupi nyungging lambene sarana esem sing manis. Atine melu tentrem krungu kabar sing kaya mangkono.Saben bengi dheweke tansah ngimpekake pacangane kuwi kapale ketrajang prahara banjur kerem. Kabeh awak kapale padha slamet kejaba kodrat.
Jeng, iki ana pawarta sing ora ngepenakake. Warta sedhih sing kudu komangerteni. Wartakna uga marang kulawargaku, senajan ta mengko saka pihak perusahaan uga bakal menehi pawarta sedhih iki.
Kumepyur panone Palupi. Atine kumelap nganti kaya rontog amarga getering jantunge  kaya mbledhosing gunung. Dheweke banjur kelingan impene, nuli digothak-gathukake karo pawarta sing bakal ditampa.
Jeng, wektu iki aku ana sajroning katentreman lan kabagyan sing tanpa kira-kira. Aku seneng banget amarga aku mangerteni kapan aku bakal ditimbali sowan ing ngarsaning Gusti. Aku bakal nampa pidana gantung!
Kaya disamber gelap, Palupi ora kelingan apa-apa maneh. Donya dadi peteng lelimangan. Palupi semaput.Nganti sawetara anggone semaput. Ora ana sing mangerteni bab iki amarga lawang dikancing saka jero. Nalika eling, Palupi banjur nangis sesenggrukan. Pawarta kuwi dirasakake kayadene palu godham sing nibani atine nganti remuk, ajur mumur.
Palupi isih durung percaya marang pawarta sing mentas ditampa, mula banjur diwaca maneh laya kuwi saka dhuwur. Nanging panyawange isih durung permana amarga kaling-kalingan luh sing isih kumembeng ing mripate. Luh diusapi alon nganggo pucukan kemule. Banjur dibaleni maneh anggone maca layang kuwi. Alon-alon, digatekake kanthi permati mbaka satembung, mbaka saukara. Isine ora owah. Tetep martakake manawa Kodrat bakal nampa pidana gantung ing negara Malaysia.
Ora susah sedhih. Yagene kudu susah? Digawe sedhih? Susah utawa sedhih kuwi yen aku nampa kasangsaran. Nanging iki ora. Iki mujudake sawijining kabagyan sing bakal daktampa kanthi langgengMesthine sliramu ora bisa mangerteni manawa aku sabenere wis bisa ngrasakake apa sing bakal kelakon sawise aku ninggalake donya iki. Aku bakal ditampa dening Gusti lan banjur dipapanake ing suwarga sing kabak kanikmatan. Mbok manawa wae jalarane anggonku bakal sowan marang  ngarsane Gusti sing ndadekake susah lan sedhih, amarga aku kudu nemahi pati ing negara liya sarana gantung amarga didakwa nyimpen lan nduwene narkotika.
Jeng, dadia ngertimu yen aku sabenere ora nindakake tumindak nistha kaya ngono kuwi. Barang-barang keparat kuwi ditemokake petugas pelabuhan ing kanthong clanaku sing ana jero koper pakeanku. Aku dhewe kaget lan nggumun mangertene kedadehan sing ora daknyana babar pisan kuwi.
Tenan, Jeng, kuwi dudu tumindakku. Demi Allah. Nanging aku ora bisa menehi bukti manawa aku ora salah. Menawa aku dipitenah. Aku ora duwe bukti sapa sing tumindak culika bakal nyingkirake aku kanthi cara sing nistha. Anane ya, mung barang kuwi ana koperku. Sing nggawa aku, mula sing didakwa nduweni uga aku. Bukti kuwi cukup kuwat kanggo nyeret aku ing meja pengadilan. Lan gandheng aku ora bisa selak maneh saka dakwan kuwi, wusanane aku kudu nampa pidana sing wis ditemtokake dening angger-anggering negara Malaysia. Ukum gantung!
Layang dikekep ing dhadhane. Luhe saya deres nelesi pipine, banjur tumetes nggayuh layang sing nggawa warta duhkita kuwi. Palupi nggeget lambe banjur unjal ambegan landhung. Dheweke ngupaya meper rasa sedhihe. Dheweke ngupaya bisa nampa kanyatan kanthi ati sing tawakal.
Palupi durung mbacutake anggone maca. Layang kuwi dirasakake kayadene gunung sing ngeblegi dhadhane saengga dheweke ora bisa ambegan. Layang kuwi kayadene benang ruwet sing tansah nggubel pikirane. Layang kuwi kayadene welat sing wis kuwasa ngrujit-rujit atine.
O, Kang Kodrat, Kang Kodrat. Dosa apa sing kosandhang dene tansah kebak panandhang. Ora tau ucul saka kasangsaran. Malah saiki akiring lelakonmu ing ngalam donya iki kudu dadi pengewan-ewan ing negara manca.
Nganti sawetara suwene pikirane Palupi ngambang manut garising lelakone uripe Kodrat. Ora mokal Palupi ngerti jaba-jero sapa sabenere Kodrat, awit wiwit cilik wong loro kuwi dadi sapadolanan. Nganti saiki ora pisah, nganti padha janji arep urip bebarengan.
Sawise rada lilih gorehing atine, Palupi banjur mbacutake anggone maca layang kuwi sing saiki wis lencu, kumel.
Jeng, ora susah sedhih. Kabeh mau wis dadi kersaning Gusti.Kita jejering titah ora bisa selak, ora bisa mbadal. Tampanen kanthi eklasing ati lan iman.Yagene sliramu ora bisa?
Sepisan maneh, welingku sing pungkasan, tatagna atimu ngadhepi lelakon sing ora nyenengake iki. Ayo padha memuji ing ngarsane Gusti muga-muga ing tembe ora bakal ana maneh lelakon sedhih, lan tansaha nemu kabagyan salawase.
Palupi ngendhegake anggone maca, banjur unjal ambegan landhung kanggo nata pikirane, kanggo nentremake atine. Maneh, Palupi unjal ambegan sinambi merem, dirasakake lumebune hawa ing paru-parune. Hawa kuwi krasa panas mbakar atine, mbakar pikirane.
Sawise ngusapi luh sing kumembeng ing mripate, dheweke nyba nlateni aksara ing ngarepe.
Jeng, mesthine sliramu kepengin ngerti kapan pidana tumrap awaku kuwi dileksanakake. Nanging sadurunge, aku njaluk supaya perkara iki ora diwartakake  sing sabenere marang kulawargaku. Wartakna manawa aku nandhang kacilakan ing tegah samodra lan jisime ora ditemokake. Saka pehak perusahaan mengko uga bakal martakae mangkono. Bab iki daktindakake amarga aku wegah gawe regeding jenenge kulawargaku lan bangsa Indonesia.Sing mangerteni prekara iki mung aku, sliramu, pamarentah Malaysia, pamarentah Indonesia, uge pehak perusahaan.Para wartawan uga ora bakal ngerti sing sabenere. Nalikane sidang, kejaba para saksi sing dibutuhake ora ana sing oleh mlebu ruang sidang. Apa bab iki bis bocor, Jeng? Mesthine rak durung, ta?
Jeng, pangadilan mutusake yen ora ana alangan sawiji apa, pidana kuwi bakal dileksanakake seminggu sawise aku nulis layang iki, wancine bubar sholat subuh.
Palupi ngendhegake anggone maca banjur ngetung dina bakal tekane naas. Ah, mung kurang sedina, pangudarasane Palupi kaget. Ambegane kaya mandheg sanalika. Sinambi nggeget lambe dheweke ngupaya ngunjal ambegan. Luhe bedhah maneh amarga ora kuwawa mbendung sedhihing atine.
Kang Kodrat, Kang Kodrat.
Wis sawetara anggone nangis nganti luhe kaya asat, nanging sajake durung bakal mendha. Sedhihing atine durung bisa kalipur dening tangise.
Pawarta sedhid seing tekane dadakan kuwi wis ndadekake pangarep-arepe musna sanalika. Donya dadi peteng lelimengan, ora ana maneh sunaring srengenge sing menehi daya uripe. Kabeh kaya pupus wektu iki. Cuthel, bareng cuthele lelakone Kodrat sing sasuwene iki dadi gegadhangane.
Tangise isih durung mendha, sedheng layang sing ana tangane dadi teles babar pisan dening luh sing tansah dleweran sajak asung belasungkawa. Peturone dadi awut-awutan kaya pawuhan amarga polahe sing tansah gedabigan merga ora kuwat ngampah duhkita.
Ora ana sing mangerteni apa sing wis kelakon ana ing jero kamar kuwi, awit pancen kaya-kaya ora ana apa-apa sing nuwuhake pitakonan. Kaya biasane, yen lawang dikancing kaya mangkono kuwi nuduhake manawa Palupi lagi ora gelem diganggu sapa wae. Dheweke kepengin ijen.
Senajan kepriyea wae, yen bab kuwi kelakon nganti maghrib tur maneh ora ana tandha-tandha manwa Palupi bakal metu saka kamar, kepeksa wong-wong ngomah padha tuwuh pitakone. Mula lawang banjur dithothok alon-alon.
"Palupi." tembunge sareh.
Durung ana wangsulan saka jero kamar.
Bali lawang dithothok alon-alon.
"Ndhuk, iki wis surup. Ora elok yah ngene turu."
Meksa durung ana wangsulan.
Lawang dithothok maneh. Panothoke rada sirosani.
Tetep ora ana wangsulan. Sing ana njaban kamar sajak mangkel atine, lawang banjur didugang sarosane. Jebul lawang menga kanthi gampang. Sajake anggone ngancing mau kesusu sing ndadekake kncing lawang kurang pener.
Pawongan kuwi kaget banjur njerit sakayange bareng mangerteni getih sing mblambang ing paturone Palupi. Wong saomah padha gugup banur padha nyander marang asale tekane swara mau. Semono uga para tangga teparo. Kabeh padha kaget banjur padha petikan bareng mangerteni  manawa Palupi wis dadi layon. Palupi lampus diri sarana ngethok urat nadi tangane.
Kabeh pawongan sing ana kono durung ana sing mangerteni apa sing njalari Palupinekad lampus diri. Ora ana sing ngira babar pisan manawa kenya ayu sing dadi kembamng desa kono duwe nalar sing cupet. Saperangan duwe pangira yen ana gegayutan karo layang sing wis ajur kuwi. Nanging ora ana sing gerti layang kuwi tekane saka sapa.
Wengi kuwi uga nalika wong-wong isih padha nandangi pagaweane anggone ngrukti layone Palupi, ana nom-noman loro sing mlayu tumuju omahe Palupi.
"Kang, kang." tembunge nom-noman marang wong sing ditemoni sepisanan ini kono.
"Anu, Kang. A, anu. Mau nggon tipi mau nyiarake yen Kang Kodrat arep digantung neng Malaysia, Kang."
"Heh! Piya?"
"Tenan, Kang! Ning ora sida merga sing nggawa narkotika sing sabenere wis kecekel saka bantuane kancane Kang Kodrat.
"Dadi Kang Kodrat kuwi dipitenah, ngono ta?"
Kabar ngenani uwale Kodrat saka pidana gantung, sing ndadekake horeging desa sumebar kanthi cepet. Ora ana sing ngira babar pisan yen Kodrat bakal nampa lelakon sing kaya ngono abote. Nanging sokur, dene kabeh mau bisa kababar sing sabenere. Becik ketitik, ala ketara. Lan kanthi kuwi uga banjur kababar pitakon ngenani jalarane Palupi nekad nyupet uripe.
*****
Pawongan kuwi banjur gragaban tangi. Ambegane ngos-ngosan kaya wong mentas mlayu marathon. Tanpa nunggu wektu maneh dheweke engga-enggal menyat tumuju kamare anake.
"Palupi! Ndhuk, Palupi!" pangundange sinambi nothok lawang kamar.
Durung ana wangsulan.
"Palupi!"
"Napa, Pak." semaure sing ana jero kamar sajak aras-arasen.
Pawongan kuwi banjur unjal ambegan landhung bereng krungu swarane anake.
"Sokur, sokur dene aku mung ngimpi."
                                    Kenthingan 1991

No comments:

Post a Comment