Friday 5 April 2013

KINANTHI

Atiku trataban nalika sepisanan weruh murid anyar kuwi. Ana rasa tresna, asih, lan kangen sumelip ing atiku. Prawan kencur kuwi ngelingake marang anakku sing wiwit umur setaun melu ibune mulih menyang Sukodono, Pacitan, pisah klawan aku. Hm, aku ya ora ngerti, yagene muridku sing aran Kinanthi kuwi bisa nggeret angen-angenku marang anakku. Kepriye kaanane wong-wong sing daktresnani, Ernawati, bojoku lan anakku, Erwina?
Wiwit prastawa sing njalari atiku ajur lan ora duwe semangat urip kuwi, aku ora bisa ketemu maneh klawan anakku sing daktresnani. Aku dipisahake kanthi peksa klawan wong-wong sing daktresnani dening mara tuwaku. Jalarane aku dianggep ora bisa mbangun bale wisma salumrahe wong jejodhoan. Aku ora nyambut gawe sing gumathok, mung sopir pocokan, satemah tansah kecingkrangan. Tur dhasare wiwit biyen mula pancen mara tuwaku ora nyarujuki sesambunganku klawan Ernawati, anake wadon ontang-anting.
Dakrewangi laku dhedhemitan lan laku sandi anggonku golek sisik melik ngenani Ernawati lan anake, nanging ora bisa oleh gawe. Tangga teparo sing daktakoni wangsulan, yen ora ngerti. Malah ana sing kandha yen Erna lan anakku ora tau katon ana ngomah kuwi. Aku nganti bingung anggonku golek cara supaya bisa ngesok tresna lan kangenku marang lelorone.
Saiki papanku wis adoh saka Sukodono. Aku mapan ing kutha Semarang sisih lor, diangkat minangka guru SMP ing kutha kasebut. Senajan mangkono ora kendho anggonku golek kabar ngenani Erna lan Erwina. Nalika arep budhal menyang Semarang biyen, aku sowan menyang daleme mara tuwaku. Karepku tilik anak-bojo, pisan gawe nyuwun pengestu lan pamer yen aku bisa dadi PNS. Banjur bakal nembung menawa Erna lan anake bakal dakjaluk maneh. Nanging aku ora ngerti kledhange wong-wong sing daktresnani lan dakkangeni kuwi. Pitakonku ngenani Erna lan Erwina ora diwangsuli dening bapakku mara tuwa.
"Ya, dakpengestoni. Sing ngati-ati ana paran," mung kuwi ngendikane mara tuwaku tur tanpa nganggo ekspresi apa-apa.
Kinanthi, murid anyar kuwi, wis ndudut atiku. Senajan nganti saiki, kira-kira wis rolas taun, aku ora ketemu anakku wadon, saka pangrasaku, Kinanthi kuwi jebles anakku wadon. Mesthine Erwina uga semono kuwi gedhene. Dedege, praenane, lan solah bawane kaya-kaya ora geseh klawan Erwina. Ngono kuwi pangrasaku. Apa maneh kanca-kanca guru duwe pambiji manawa Kinanthi kuwi memper aku. Nanging sing mesthi Kinanthi kuwi dudu anakku. Kinanthi kuwi putrane Pak Prasaja. Ngendikane Bu Prasaja, Kinanthi ditinggal bapake wiwit cilik. Pak Prasaja katut wong wadon liya.
Senajan kanyatane dudu anakku, Kinanthi wis dakanggep anakku dhewe. Malah aku duwe karep ngangkat Kinanthi minangka anak asuh kareben bisa tutug sekolahe.
*****
Wis rong sasi iki aku arang-arang jenak ana sekolahan, jalaran tugas nyusun thesis kanggo ngrampungake S2-ku. Yen ora pas jam mulang, aku ora tau ana sekolahan. Bubar mulang, tanpa “ba-bu” karo kanca-kanca, aku banjur mak brabat lunga maneh. Ana rasa pekewuh karo kanca-kanca jalaran minangka wali kelas, aku ora tau nggatekake murid-murid kelas VIII B sing dadi tanggung jawabku. Kanggo nanggulangi yen ana kanca sing ora seneng karo apa sing daktindakake, aku nate matur Kepala Sekolah yen nyuwun leren olehku dadi wali kelas lan jam mengajarku diringkees dinane.
"Pak Asmara tidak usah berhenti jadi wali kelas. Kan ada guru BK. Nanti biar dibantu Pak Andang. Untuk jam mengajar, Pak Asmara bisa konsultasi dengan Pak Sumar. Pada prinsipnya, kami akan bantu agar Pak Asmara bisa segera menyelesaikan tugas belajar ini."
Aku bungah banget dene kanca-kanca pranyata melu nyengkuyung tugasku iki. Luwih-luwih Pak Andang sing dipasrahi mbantu tugasku minangka wali kelas.
"Kabeh apik, Pak. Mung iki ana masalah ngenani anakmu wadon, Kinanthi. Dheweke olehe mlebu oglangan. Minggu iki wis telung dina ora mlebu. Minggu-minggu wingi ya ngono." ngendikane Pak Andang nalika daksuwuni pirsa ngenani kelas VIII B.
"Panjenengan wis home visit?" pitakonku.
"Iki arep mrana. Apa panjenengan longgar?"
Aku manthuk. Kanggo "anakku", daklonggarake wektuku.
*****
Sepedhah montor daklakokake ora pati rikat. Nanging pikiranku luwih rikat playune, ndhisiki tekan omahe Kinanthi.
Kowe lagi ngapa, Ndhuk? Yagene kowe ora mlebu sekolah? Apa kowe lara? Yen lara, lara apa? Matura Bapak, ya Ndhuk.
Apa merga ora duwe sangu kanggo jajan? Pira njalukmu, mengko bakal dakparingi.
Apa kowe wis ngerti tresna? Aja ya Ndhuk. Ora sah ngerti tresna dhisik. Yen ora bisa ngemong, tresna kuwi bakal dadi mala. Contone bapak iki.
"Pak, sasuwene iki apa panjenengan nggatekake marang Kinanthi?" pitakone Pak Andang mbuyarake lamunanku.
"I, iya, Pak, samesthine ta, wong aku wali kelase."
"Yen manut panjenengan piye penampilane Kinanthi?"
"Lumrah"
"Yen manut aku ora lumrah."
"Lire?"
"Yen nyandhang nganggo pancen salumrahe kanca-kancane, nanging coba panjenengan gatekake, Kinanthi kuwi wis ngerti make up. Senajan ora kandel, nanging katon yen dheweke kuwi nggunakake make up. Tur maneh rak luwih katon diwasa tinimbang umure."
Iya, Ndhuk. Apa kowe wis brai? Apa kowe pancen wis ngerti tresna?
Sepedhah wiwit ngancik dalan ing gang-gang ciyut sing tumuju omahe Kinanthi. Ora angel anggone nggoleki omahe. Dakdhodhog lawang omah sing ora layak huni kuwi. Ora antara suwe lawang menga. Saka njero wong wadon udakara umur patang puluhan manggakake tekaku. Aku lan Pak Andang mlebu omah kanthi mbungkuk kareben sirah iki ora ketatap kusen lawang sing cendhek.
Ukuran omah kuwi udakara 4X4 meter. Ora duwe kamar. Kanggo turu lan kanggo nampa tamu dadi siji. Kanggo nyingget kamar mung dialing-alingi gorden. Hawane sumpeg tur ambune apeg. Dalan sirkulasi udara ora ana liya kejaba lawang. Yen masak ana njaban omah ing sisih lawang.
"Larenipun kalawau pamit sekolah niku, Pak. Wau nggih seragam. Saben enjing pamite nggih sekolah, Pak," wangsulane Bu Prasaja nalika aku takon Kinanthi ana ngendi.
Krungu wangsulane Bu Prasaja ngono kuwi atiku banjur goreh. Pikiranku ngentha-entha bab sing ora karuwan ngenani Kinanthi. Kaya-kaya aku iki bapake Kinanthi sing krungu kabar yen anake wadon ora genah dolane menyang ngendi tur ora mulih-mulih. Aku wis ora nggatekake apa sing dirembug antarane Pak Andang lan Bu Prasaja. Pikiran lan atiku ora genah rasane.
Aku mulih saka omahe Kinanthi kanthi kebak pitakon sing durung oleh wangsulan.
*****
Pandom jam nuduhake angka pitu. Kanthi nggawa alat-alat kanggo golek dhata lan layang ijin saka pemerintah, aku wiwit mecaki dalan sing tumuju komplek hotel melati sing mapan ing tengah kutha, sing kulina kanggo mangkal lan kencan para PSK. Wektu kanggo golek dhata daktemtokake telung sasi suwene. Kanthi wektu kuwi dakangkah dhata sing dakkumpulake entuk saakeh-akehe. Tinimbang golek maneh luwih becik mbuwang, ngono panemuku.
Aku jan-jane ora tegel ngangkat permasalahan ciblek. Nanging amarga kegawa saka peduliku marang anak-anak usia sekolah sing dadi bahan eksploitasi seks, thesis ngenani ciblek iki dakgarap.
Swasana remeng-remeng sing dadi ciri khase papan kuwi wis ora mujudake barang sing anyar kanggoku. Aku wis kulina karo papan kuwi kalebu marang wong-wonge sing padha ana kono. Aku mampir ing sawijining warung hik ing ngarep salah sawijining hotel saperlu ngisi weteng sinambi ngomong ngalor-ngidul bab kaanane negara sing lagi usreg bab kenaikan harga BBM, lan dana kompensasi kenaikan BBM.
Dumadakan panyawangku numbuk blegere pawongan sing sasuwene iki dakgoleki. Blegere prawan kencur kuwi mudhun saka becak bebarengan karo sawijining wong lanang. Dheweke banjur rerangkulan mesra tumuju salah sawijining kamar hotel kasebut. Aku arep mbengok ngundang Kinanthi nanging swaraku ora muni amarga gurungku kesumpelan rasa kaget lan ora percaya marang panyawangku.
Pawongan loro kuwi daksawang kanthi rasa gela lan kuciwa.
Ndhuk, yagene kowe nindakake kaya ngono?
Nanging apa bener wong wadon kae mau Kinanthi? Ah, dudu. Mesthi dudu Kinanthi. Mesthi pangiraku sing salah. Sabab sasuwene iku pikiranku lan atiku mung dikebaki dening rasa sing tansah nguwatirake kaanane Kinanthi. Tur maneh aku pancen ora ngerti praupane. Kinanthi ora bakal nindakake pakaryan nistha kaya ngono.
Senajan wis dakayem-ayemi ati lan pikiranku, nanging wewayangane wong wadon mau isih tansah nggubel. Atiku sumelang yen wong wadon kuwi pancen Kinanthi. Dudu wong seje sing mung madha dedeg piyadege.
Wis sawetara wektu aku lenger-lenger ana ing dhingklik hik. Durung ana karep wiwit ngayahi pakaryanku ing wengi iki. Aku penasaran kepengin nyatakake yen pawongan mau pancen dudu Kinanthi.
Wong wadon sing dakantu kuwi metu saka kamar hotel. Atiku sakkal ajur. Otot bayuku kaya dilolosi. Aku ora duwe kekuwatan apa-apa. Wong wadon kuwi jebul Kinanthi, muridku sing daktresnani.
Adhuh, Ndhuk, yagene kowe nindakake kaya ngene? Apa sing kogoleki?
*****
Esuke aku mangkat menyang sekolahan kanthi awak sing lungkrah amarga sawengi aku ora bisa turu. Pikiranku tansah tumlawung adoh ngentha-entha lelakone Kinanthi. Aku ora ngira babar pisan yen ana salah sawijining muridku sing dadi ciblek. Ah, lelakon urip kok kaya ngene.
Tekan sekolahan aku banjur njujug kelas VIII B saperlu takon, apa Kinanthi dina iki mlebu sekolah.
“Sampun kalih dinten boten mlebet, Pak,” wangsulake Amin.
“Ijine ana apa ora?”
Ketua kelas VIII B kuwi mung gedheg.
Cengkelak. Tanpa ngungak kantor, aku ninggalake sekolahan tumuju omahe Kinanthi. Rasa atiku sing kemrungsung nggelak karepku daya-daya enggal ketemu bocah wadon sing daktresnani kuwi.
Bu Prasaja mbagekake tekaku.
“Larene tesih tilem, Pak. Sajakipun sakit. Wong kalawau dalu wangsule empun dalu,” ngendikane Bu Prasaja sing pancen wis pirsa yen tekaku mrene nakokake Kinanthi.
“Wau dalu kesah teng pundi, Bu?” pitakonku ethok-ethok ora ngerti.
“Criyose teng nggene rencangipun.”
Aku ora bisa kumecap apa-apa. Pikiranku tansah dikebaki pitakonan-pitakonan sing ora bisa dakwangsuli.
Bu Prasaja unjal ambegan landhung banjur miyak gorden sing dadi wates papan iki lan sing kanggo turu Kinanthi. Katon blegere prawan sing lagi turu kepati.
“Mesakaken lare punika, Pak,” ngendikane Bu Prasaja lirih.
Aku ora kumecap. Bu Prasaja daksawang kanthi tajem.
Bu Prasaja bali miyak gorden kuwi kanggo mesthekake yen putrane ora bakal krungu yen bakal dirasani.
“Sajatosipun Kinanthi punika sanes anak kula.”
Aku kaget krungu ngendikane Bu Prasaja, nanging ora dakkatonake. Aku mung meneng. Mripatku mandeng Bu Prasaja supaya enggal mbacutake ngendikane.
“Tanggi kula saking dhusun teng ngriki. Piyambake mbeta lare niku. Lare niku anake rencange tanggi kula niku. Kula ken ngopeni. Piyambake criyos yen dititipi lare wadon niki jalaran ibune lare niki ajeng teng Taiwan tumut dadi TKW. Gandheng kula boten gadhah anak, kula sagah ngopeni. Kala semanten Kinanthi tesih umur kawan taun.”
Aku isih meneng.
“Lelampahane tiyang sepuhipun nggih mesakaken. Criyose anggene omah-omah dipisahke kalih wong tuwane ibune lare niki.”
Aku isih meneng, nanging atiku wiwit trataban krungu tembung kuwi.
“Criyose niku merga bapake Kinanthi boten nyambut damel sing gumathok. Wong mung nyopir pocokan.”
Krungu critane Bu Prasaja, sakkal dhadhaku kaya gunung arep mbledhos.
“Panjenengan asli Pacitan?”
Bu Prasaja manthuk.
“Panjenengan saking Sukodono?!”
Bu Prasaja gedheg semu mlenggong.
"Kula saking Punung. Sing saking Sukodono ibune lare niku."
“Ibune lare niku Ernawati?!”
Bu Prasaja mung mlenggong, banjur manthuk alon.
Bareng karo anthukane Bu Prasaja, krasa kaya ana bledheg nyamber, atiku dadi sawalang-walang. Kekuwatanku kaya dilolosi.
“Lare niku jenenge senes Kinanthi. Kula jenengke Kinanthi kanthi pengajab supados dadosa kanthi kula.”
Aku ngadeg alon-alon sinambi gocekan meja cilik ing sandhingku, banjur tumuju peturone Kinanthi. Daksawang prawan kencur sing lagi turu kepati kuwi kanthi rasa trenyuh, mesakake, seneng, lan kangen. Luhku wiwit kembeng-kembeng ing mripat. Dhadhaku wiwit krasa ampeg, ambeganku seseg.
“Pu..., punika, Er...wina, ta, Bu? Inggih, ta?”
Bu Prasaja manthuk alon.
Aku banjur timpuh ing sisih amben. Nangis sesenggrukan.
                            Kismantoro, Ramadhan 1426 H

No comments:

Post a Comment