Friday 5 April 2013

Kidang lan Pak Tani

Srengenge durung ana sagenter dhuwure. Sunare gawe rasa anget ing awak sakojur. Apa maneh ing mangsa bedhidhing kaya saiki, sunare srengenge esuk banget dianti-anti amarga amung srengenge kang bisa ngilangake rasa adhem kang sawengi ngemuli anggone turu sakabehing makhluk ing salumahing bumi. Kalebu kidang kang mapan ana ing satengahe alas ing pucuk gunung.
Kidang wadon kuwi duwe anak cacah loro. Esuk iki kidang kuwi pamitan marang anak-anake saperlu golek pangan ing pategalan pinggir kali cedhak desa. Kidang kuwi kapeksa golek pangan ing sanjabaning alas amarga ing satengahing alas wis ora ana suket sing lemu-lemu sing bisa maregi wetenge lan bisa ndadekake banyu susune akeh. Kamangka banyu susu kuwi banget dibutuhake dening anak-anake. Kidang kelingan nalika dheweke mlaku-mlaku turut pinggir alas ngerti ana pategalan kang ditanduri lembayung. Ya papan kuwi kang bakal dituju dening si kidang.
“Anak-anaku kabeh, aku arep golek lembayung ing pinggir alas kono, kowe ora susah melu. Ana kene bae.”
“Yagene aku ora kena melu, mbok?”
“Amarga gunung iki dalane rumpil. Sikil-sikilmu durung kuwat kanggo mlaku ing dalan kang kaya mangkono? Besuk yen wis rada gedhe kowe kena melu menyang ngendi-endi anggone golek pangan.”
“Iya, mbok, mangkata. Ning aja suwe-suwe. Aku wedi yen ana macan mrene.”
“Iya, ora susah samar. Aku enggal bali.”
Kidang kuwi mungkur saka papan kono ninggalake anak-anake. Lakune dirikatake supaya enggal tekan pategalan lan ora kadenangan dening kang duwe.
Satekane pategalan kang ditanduri lembayung ledhung-ledhung, kidang enggal nyenggut. Dhasar wetenge luwe tur lembayung kang ijo royo-royo ndadekake seger anggone mangan. Bareng wetenge wis krasa wareg, kidang wadon kuwi nuli enggal-enggal lunga saka pategalan kuwi.
Kocapa, gandheng saka kurang pengati-atine, si kidang kalebu ing krangkeng sing dipasang pak tani sing duwe pategalan. Si kidang bingung. Dheweke mbudidaya supaya bisa metu saka krangkeng nanging ora bisa.
“Wah, cilaka tenan awakku. Yen aku mati merga dibeleh dening pak tani, gek sapa sing bakal ngopeni anak-anakku?” ngono tembung si kidang ing batine.
Ora antara suwe pak tani teka ing pategalan. Atine seneng banget amarga weruh krangkeng sing dipasang kanggo nyekel si kidang ana isine.
“Nah, saiki kapok apa ora kowe. Kowe sing gawene mangani mbayungku. Nganti entek kaya ngene iki.” tembung pak tani marang si kidang.
“Pak tani uculna aku. Aku njaluk pangapura.” tembunge si kidang memelas.
“Ora bisa. Aku ora bakal ngeculke kowe. Kowe wis mangani mbayungku nganti entek. Apa rumangsamu aku nandurkke kowe apa piye?”
“Aku kepeksa pak tani. Anak-anakku isih cilik-cilik. Dheweke mbutuhake banyu susuku. Kamangka ing alas wis ora ana suket sing bisa dakpangan. Sukete wis padha garing.”
“Ora. Aku ora bakal nguculake kowe. Yen kowe dakuculake, ora wurunga mengko bakal mangani tanduranku maneh. Aku ora bakal nguculake kowe. Apa maneh aku wis janji karo anakku, yen oleh kidang, dheweke bakal dak masakake rica-rica lan sate. Rica-rica lan sate kidang.”
Rumangsa pangrimuke ora ditanggapi pak tani, kidang banjur nangis. Dheweke kelingan anak-anake sing ditinggal ana ing tengah alas. Yen pak tani sida mbeleh dheweke, banjur sapa sing bakal ngopeni anak-anake? Nanging si kidang isih durung nglokro, dheweke isih bakal ngrimuk supaya pak tani gelem nguculake.
“Pak tani, apuranen aku ya. Apa kowe ora mesakake anak-anakku? Yen aku mati, sapa sing bakal ngopeni dheweke?”
“Sepisan ora, ya tetep ora! Malah kebeneran. Anakmu mengko bakal dakgoleki lan bakal dak beleh sisan.”
“Aja, ya, pak, aja.” tembunge si kidang siambi nangis sesenggrukan.
Pak tani sajake tetep kukuh karo panemune. Dheweke tetep bakal mbeleh si kidang lan bakal dimasak kanggo kulawargane.
“Pak tani.” tembunge kidang sareh amarga duwe panemu sing dianggep becik.
“Aku gelem kok beleh nanging aku dakpamitan karo anak-anakku dhisik. Mesakake yen dheweke ngenteni tekaku kamangka aku wis ora bakal bali. Mula lilanana aku mulih. Aku dakngombeni dheweke sisan dakpamitan.”
“Ora bisa. Aku ora bakal nglilani kowe mulih. Ora wurunga kowe bakal ngapusi aku. Kowe ora bakal bali mrene maneh. Aku ora bisa koapusi.”
“Kowe apa ora mesakake anakku, pak tani? Dheweke gelem daktinggal amarga dheweke ora kuwat mlaku adoh jalaran keluwen. Mulane, mengko yen wis dakombeni anku bakal enggal-enggal bali maneh mrene. Percayaa karo gunemku. Aku ora bakal mblenjani janji.”
Pak tani mung meneng, sajak dheweke mikirake sing diomongake si kidang.
“Apa kowe ora mesakake anak-anakku? Apa kowe ora percaya? Yen kowe ora percaya, nyoh, iki sampilku kethoken siji kanggo bukti.”
Pak tani meneng, banjur tembunge: “Ya, wis, kowe pamita marang anak-anakmu. Aku percaya marang kowe. Ning tenan, lho, kowe kudu enggal bali mrene sawise nusoni anak-anakmu!”
Sawise ngucap matur nuwun si kidang enggal mlayu mlebu alas.
Saungkure si kidang pak tani gela yagene dheweke nguculake si kidang? Ya yen bali maneh? Yen ora ateges dheweke wis kelangan gedhen.
“Ah, aku kok bodho ta iki mau? Percaya karo omongane kidang?” tembunge pak tani sajak getun.
*****
Ing tengah alas, anak-anak kidang sing padha ngenteni emboke anggone golek pangan, atine wis padha goreh. Atine tansah was sumelang yen dumadakan ana bebaya sing nyander. Naging saiba senenge atine bareng ngerti emboke katon kumledhang ing kadohan. Anak-anak kidang kuwi banjur padha mlayu mapagake tekane emboke.
“Mbok, kok suwe temen ta? Aku wedi lho, mbok.”
“Wis, saiki gek enggal padha nusua sing wareg.” Tembunge kidang tanpa mangsuli pitakone anake.
Anak-anak kidang kuwi banjur padha nusu sawarege. Bareng wis wareg, anak-anak kidang kuwi padha nglemprak ing cedhak sikile emboke. Dheweke padha liyer-liyer amarga kewaregen.
“Anak-anakku kabeh, aku arep kandha marang kowe. Rungokna.”
Anak-anak kidang sing lagi padha liyer-liyer kuwi banjur padha tangi.
“Iki mau pancen rada suwe anggonku golek pangan, jalaran aku mau dicekel dening pak tani sing duwe pategalan.”
“Lha, kok, diuculake maneh, mbok?”
“Iya, aku mau janji karo pak tani, yen aku bakal bali maneh sawise aku nusoni lan pamitan marang kowe kabeh.”
“Kowe arep dibeleh, mbok?”
“Iya. Mula aku ora bakal bali mrana. Aku mesakake kowe yen nganti kelangan mbok. Gek sapa sing bakal ngopeni?”
“Aja, mbok. Aja mblenjani janji. Kowe kudu bali netepi janjimu. Janji kuwi padha karo utang sing kudu disaur. Balia, mbok.” tembunge anak kidang sing wadon.
“Iya, mbok, bener kandhane sedulurku iki. Aku ora seneng duwe embok sing mblenjani janji.” tembung anak kidang sing lanang.
“Yen kowe ora bali, aku sakloron sing bakal mrana. Kowe wis ngurbanake sakabehe kanggo aku lan sedulurku, mula saiki aku lan sedulurku sing bakal dadi gantine.”
Krungu tembunge nak-anake sing kaya mangkono si kidang mbrebes mili. Dheweke ora ngira yen duwe anak sing nduweni watak prewira kaya ngono.
“O, alah, le, ndhuk, jebul kowe duwe panemu kaya ngono. Aku trenyuh krungu kandhamu kang kaya ngono kuwi. Aku seneng duwe anak kang kaya kowe kuwi. Ya, wis, aku dakbali netepi janjiku.”
Kanthi rasa bombong lan ati kang mantep, si kidang enggal-enggal bali nemoni pak tani sing ngenteni ing pategalan.
Pak tani ngenteni tekane si kidang kanthi rasa gela marga wis nglilani si kidang bali menyang tengah alas. Dheweke mesthekake yen si kidang ora bakal bali nemono dheweke maneh.
“Pak tani, aku bali netepi janjiku.”
Pak tani kaget krungu swara ing cedhake. Jebul si kidang wis ngadeg ing mburine. Pak tani nggumun banget dene si kidang gelem bali masrahake nyawane.
“Aku bali merga anak-anakku ora seneng yen emboke duwe watak culika, ora duwe watak satriya, merga seneng mblenjani janji. Mula saiki aku masrahake jiwa ragaku marang kowe.” tembunge si kidang kanthi rasa mongkok.
Pak tani nggumun ngerti ana kewan kang duwe watak kaya ngono kuwi. Nggumune ora entek-entek.
“Pak tani, yen embokku dirasa isih kurang. Iki aku sakloron masrahake jiwa ragaku uga.” tembung anak-anak kidang kang dumadakan jumedhul saka grumbul ngagetake pak tani lan si kidang.
“Ora, ora. Kowe kabeh saiki dakapura. Kowe dakapura amarga kowe kabeh padha duwe watak satriya. Senajan kowe bakal mati, kowe sing gelem netepi janji. Saiki padha balia menyang alas. Yen kowe padha keluwen amarga ing alas ora ana pakan, kowe kena mangan mbayung ing pategalanku iki. Wis saiki padha lungaa.” tembunge sinambi ngusapi eluh sing wiwit kembeng-kembeng ing mripate amarga rasa trenyuh.
Kidang saanake ngucapake matur nuwun marang pak tani amarga wis ngapura marang dheweke.
“Pak tani, aku matur nuwun banget. Muga-muga Gusti paring ganjaran sing luwih akeh marang kowe.”
“Iya kidang, kariya slamet.” tembunge pak tani sinambi ninggalake pategalan kuwi.
Si kidang lan anak-anake kanthi rasa bungah banjur padha mlayu mlebu menyang alas maneh.
                Kapacak ing Jaya Baya Nomer 44 Tahun 2006

No comments:

Post a Comment