Friday 5 April 2013

SMARADAHANA 1

tumelunge godhong jati ngranggeh
gempilane ati kang gogrog saka bundhelane
nalika kumitire alang-alang ngrerojeh
talining sih kang rinajut mbaka selawe

nimas, coba rungokna pangelike alap-alap
kang nedheng nglayang ing angkasa
sajak melu sungkawa
sejatine njalari kumetap ing dhadha
ing rasa kumelap

nimas, waspadakna ing sewalike mega
katon wewayangane Ratih lan Kamajaya
lagi pepasihan andon tresna
adhuh, mendah kaya ngapa

nimas, nyenyadhanga
bokmanawa ana tumetese tirta
kang bisa kanggo tamba perihe nala
lan dadi suhing tresna

            Sala, 4 Mei 1999

No comments:

Post a Comment