Friday 5 April 2013

SMARADHAHANA 2

kakang, ningna jroning ati
apa jeneng luput yen Dewi Sinta
leladi Rahwana amarga
Sang Rama kang dianti ora prapti

kakang, atiku garing
katiyup ing angin
rasane aking

(nimas, genine asmara wis mati
nanging sawanci-wanci
mesthi ngalad-alad nyundhul wiyati)

            Sala, 4 Mei 1999

No comments:

Post a Comment