Monday 25 March 2013

BABON LAN GARANGAN



Ing jaman biyen, ana sawijining negara sing adil lan makmur. Sing jumeneng nata Prabu Suryabawana. Prabu Suryabawana kaloka minangka ratu sing adil paramarta. Kabeh kawulane padha urip ayem tentrem, ora kurang sandhang lan pangan, lan tansah seger kuwarasan. Prabu Suryabawana uga kondhang minangka ratu sing asih marang sadhengah kewan. Salah sijine kewan sing dadi klangenane sang prabu yaiku pitik babon lan kuthuke cacah sanga.


Sang Prabu banget anggone nresnani marang babon lan kuthuke. Pitik-pitik kasebut dipakani sedina kaping telu: esuk, awan, lan sore. Pakan sing diwenehake awujud pakan sing enak-enak. Saben esuk, sawise dipakani, pitik-pitik kuwi dikeparengake dolan lan saba ing petamanan kraton. Dheweke dolanan kanthi seneng lan gambira, ora ana sing wani ngganggu lan ngrusuhi.
Dina iki mujudake dina sing nyenengake tumrape si babon lan kuthuk-kuthuke. Srengenge sumunar padhang tanpa kaling-kalingan mendhung. Sorote njalari rasa anget ing awake sing kadhemen ing mangsa rendheng iki. Sawise sarapan, babon lan kuthuk-kuthuke padha dolanan. Dheweke diparengake dolan menyang njaban tembok kraton. Dheweke seneng banget jalaran bisa ngerti swasana ing njaban tembok. Kalodhangan kaya ngene iki wis suwe diangen-angen.
“Suk Kapan ya, aku dikeparengake dolan menyang njaban tembok kraton?” ngono pangudarasane si babon. Lan saiki angen-angene klakon.
Srengenge wis saya dhuwur. Nuduhake manawa dina saya awan. Tanpa dirasa, anggone dolan saya adoh saka kraton. Dumadakan angin tumiyup banter. Srengengene ketutupan mendung sing nggameng. Hawane saya adhem. Iki mertandhani yang bakal udan deres. Kuthuk-kuthuk kuwi keweden.
“Mbok, iki ana apa? Kok kaya ngene?”
“Ora susah wedi. Iki mertandhani bakal udan. Ora susah wedi. Udan kuwi rahmate Gusti sing Maha Kuwasa. Dadi dudu bab sing medeni.”
“Mbok, awake dhewe anggone dolan wis adoh saka kraton. Apa bisa mulih yen udane deres?”
“Katone wengi iki kudu turu ing alas iki. Coba tunggunen sedhela ing kene. Aku bakal menek wit kuwi. Dakdeloke saka kono mbok manawa ana papan kanggo turu wengi iki. Sokur ana gubug. Dadi bisa kanggo ngeyup.”
Si babon age-age ngunggahi pang-pang wit sing dhuwur. Saka papan kuwi bisa nyawan sakiwa-tengene alas. Katon ing kadohan ana sunare lampu kang sumorot saka sawijine gubug.
“Ana. Neng sisih wetan kae ana gubug. Ayo padha mrana!”
Si babon saanak-anake age-age padha tumuju menyang gubung. Nalika iku langit sansaya peteng dening mendhung sing kandel. Tumiyupe angin nambahi swasana sansaya nggegirisi. Si babon ngajak anak-anake supaya lumaku luwih cepet.
“Ayo, enggal. Udane selak teka!”
Ing sawijining enggokan dalan, si babon rumangsa yen ana sing ngetutake lakune. Dheweke banjur mandheg sedhela lan mengo memburi. Satleraman dheweke ngerti buntute garangan ing sewalike grumbul. Si babon age-age mrentahake kuthuk-kuthuke supaya mlaku luwih cepet.
“Ayo, cepet. Galo kae udane wis teka.”
Kuthuk-kuthuk kuwi enggal-enggal lumayu tumuju gubug.
Si garangan kanthi mindhik-mindhik ngetutake lakune pitik-pitik kuwi.
Satekane gubug, udane uga teka. Deres banget. Si babon age-age mrentahake kuthuk-kuthuke munggah menyang pethi sing mapan ana ing pojok gubug. Pethi kuwi ketutupan gegodhongan kesambi sing manglung ing gubug. Kanthi mangkono kuthuk-kuthuk kuwi ora katon dening si garangan. Sedheng si babon njaga kuthuk-kuthuke ing sangarepe pethi.
Udane terang nalika lingsir wengi. Si babon isih tetep ora turu, sedheng kuthuk-kuthuk kuwi padha turu angler. Si babon duwe pangira manawa udane terang, si garangan bakal mangan dheweke lan kuthuk-kuthuke.
“Wah, iki bakal mbebayani. Aku kudu waspada. Aku kudu ngerti ing ngendi dununge si garangan. Kanthi mangkono aku bisa endha samangsa si garangan bakal mangsa aku lan anak-anakku. Coba dakpancinge. Daksapane”
Si babon banjur ngadeg saka anggone ndhekem. Dheweke banjur cluluk kanthi swara sing sumedulur.
“He, kisanak garangan sing bagus tur ber budi. Mbok kene, nyedhak kene. Dakwenehi papan kanggo turu. Kene papane garing tur anget.”
Ora ana wangsulan.
“Aja turu neng ngisor uwit, Kisanak. Yen kadhemen, kowe mengko bisa lara.” si babon cluluk maneh.
Pancingane si babon kasil. Si garangan wangsulan, “Ora, nisanak. Kene garing. Aku neng paga pawon. Aku neng kene wae. Kene ya garing lan anget.”
Si babon wis ngira yen si garangan duwe niyat ala, mula saka kuwi si babon tetep ora turu. Nalikane wengi saya lingsir, apa sing dinuga sadurunge kabukten. Si babon krungu swara kumlesete sikile si garangan.
“Kisanak. Apa kowe durung turu?”
Si garangan kaget.
“Jebul dheweke durung turu ta,” pangudarasane si garangan.
“Kisanak garangan.” Cluluke si babon.
“Durung, Nisanak. Aku durung turu. Yagene kowe ya durung turu?”
“Rasane mripatku wis ngantuk. Iki aku arep turu.” wangsulane si babon.
Si babon age-age nggugah kuthuk-kuthuke.
“Wetengku lara. Mbok menawa kewaregen anggonku mangan awan mau. Yen anak-anakku wis padha turu kawit mau.”
Kuthuk-kuthuk kuwi banjur dikon mlumpat mbaka siji.
“Sing ngati-ati. Aja nganti keprungu dening si garangan.”
Siji mbaka siji kuthuk-kuthuk kuwi mudhun saka pethi.
“Kuwi swara apa, Nisanak?” pitakone si garangan.
“O, kuwi swara godhong kesambi sing gogrog.
“Godhong sing gogrog akeh ya, Nisanak?”
Kuthuk-kuthuk kuwi wis padha mudhun saka pethi kabeh banjur lunga. Saiki mung kari si babon sing isih ana gubug. Si babon banjur ngemuli lumpang cilik sing ana ing ngarep pethi nganggo damen. Sabubare kuwi si babon banjur lumayu nututi kuthuk-kuthuke lunga saka gubug kuwi.
Si garangan sing ora krungu swara apa-apa ngira yen si babon wis turu angler.
“Nisanak. Nisanak. Kowe wis turu ya? Aku ya arep turu. Aku ngantuk banget.” Cluluke si garangan sinambi jinjit-jinjit nyedhak papane si babon.
“Wah, dheweke wis turu. Kemulan damen lan ora obah-obah. Wah, sida mangan enak tenan wengi iki.” pangudarasane si garangan.
Si garangan banjur ancang-ancang arep numbruk si babon. Kanthi tenaga diketogake, dheweke banjur mlumpat nubruk si babon.
“Adhuuuhh...” si garangan njerit kelaran. “Barang apa iki kok atos banget. Adhuh untukku copot. Adhuh, adhuh ....”
Si garangan nangis kelaran. Dheweke banjur ninggalake gubug kuwi.
Dina candhake, si babon lan kuthuk-kuthuke tekan ing kraton. Dheweke banjur matur marang Sang Prabu ngenani kedadean ing wengi kasebut. Mireng ature si babon, Sang Prabu duka banget, banjur dhawuh supaya kabeh garangan ing negara iki dikumpulake ing balairung kraton.
“He, kabeh garangan kawulaningsun. Dina iki ingsun arep nganakake pista mung kanggo kawulaku garangan. Ingsun wis ndhawuhake marang juru masak kraton supaya nyediyakake panganan lan omben-omben sing nikmat. Iki kabeh kanggo kowe. Coba delengen ing sisih pojok balairung kana.”
Garangan-garangan padha mengo menyang papan sing didhawuhake Sang Prabu.
“Kae kabeh kanggo kowe. Wis saiki padha mangana sawaregmu.”
Kabeh garangan banjur padha mangan kanthi senenge ati. Nanging ana garangan siji sing ora mangan.
“Yagene kowe ora mangan, garangan?” pandangune Sang Prabu.
Si garangan mung meneng.
“He garangan, wangsulana, yagene kowe ora mangan?”
Si garangan isih meneng sinambi nutupi congore.
“Kowe wani karo ratumu ya? Kowe wani mbadal dhawuhku?” ngendikane Sang Prabu semu duka.
Si garangan wedi banget. Awake ndhredheg, gemeter kaber. Kanthi congor wel-welan, si garangan banjur matur. Nalikane si garangan arep matur, Sang Prabu pirsa manawa untune si garangan perangan ngarep ompong papat. Kanthi mangkono Sang Prabu pirsa manawa si garangan kuwi sing bakal mangsa klangenane Sang Prabu, yaiku si babon lan kuthuk-kuthuke. Sang Prabu banjur dhawuh marang prajurit supaya nyekel si garangan lan menehi pidana sing murwat karo tumindake.
Sumber: Legenda Asli Rakyat Lampung


No comments:

Post a Comment