Friday, 29 March 2013

PURWAKA




Blog punika kadamel kanthi pangajab murih dadosa srana tambahing kawruh sarta seserepan ing babagan basa sarta kabudayan Jawi tumrapipun para kadang sutresna budaya Jawi, mliginipun para kadang dwija Basa Jawi ing laladan Kabupaten Wonogiri.

Para kadang sutresna, manawi panjenengan ngersakaken asil karya seratanipun ingkang awujud punapa kemawon kapacak ing blog punika, saged kakintun lumantar email: numboro@yahoo.co.id

Kejawi punika, panjenengan ugi kula aturi paring pamanggih utawi panyaruwe ingkang gegayutan kalihan blog punika, kanthi pangajab: blog punika sageda langkung sae sarta migunani tumraping kula panjenengan sadaya. Dene sadaya pamanggih utawi panyaruwe saged kaserat wonten ing kothak “comment”.

Makaten atur purwaka saking kula. Matur nuwun.

Monday, 25 March 2013

BASA JAWA ING FORUM ILMIAH



Diaturake Arih Numboro*)


Nalika sepisanan ketemu ing dina Setu sore, tanggal 1 Mei 2010, tumrape sing wis nate tetepungan banjur kabar-kinabaran; dene sing durung nate tetepungan banjur padha takon-tinakonan sing diwiwiti saka ukara ringkes: “saking pundi?” sing banjur dibacutake rembugan ngganyik. Swasana rumaket lan kebak rasa kekadangan bisa dirasakake ing sajrone wektu telung dina ing Semarang. Gegambaran ringkes kasebut dumadi nalika para guru basa Jawa ditimbali menyang LPMP (Lembaga Penjamin Mutu Pendidikan) Semarang saperlu nekani lan nindakake Workshop Penyusunan Model Pembelajaran Mulok Bahasa Jawa SMP Tingkat Provinsi Jawa Tengah Tahun 2010.

POTRET SOSIAL KARYA RADEN NGABEHI RANGGAWARSITA




Arih Numboro
 


  1. Pendahuluan
Karya sastra adalah salah satu bentuk budaya manusia. Karya sastra dicipta oleh pengarang untuk merespon aktifitas manusia. Karenanya, karya sastra dapat dikatakan sebagai potret kehidupan manusia: potret kehidupan masyarakat dan potret kehidupan pengarang.
Dalam pandangan Sosiologi Sastra, karya sastra tidak dapat dipisahkan dari kehidupan pengarang dan masyarakat yang melingkupinya. Antara karya sastra, pengarang , dan masyarakat terdapat hubungan yang saling mengikat. Karya sastra yang dibuat dengan berdasarkan problematika masyarakat, di dalamnya terkandung ajaran-ajaran, petuah-petuah, dan pengetahuan-pengetahuan. Karena itu karya sastra memiliki nilai dedaktis yang dapat digunakan sebagai landasan bertindak dalam menghadapi permasalahan kehidupan.

BABON LAN GARANGAN



Ing jaman biyen, ana sawijining negara sing adil lan makmur. Sing jumeneng nata Prabu Suryabawana. Prabu Suryabawana kaloka minangka ratu sing adil paramarta. Kabeh kawulane padha urip ayem tentrem, ora kurang sandhang lan pangan, lan tansah seger kuwarasan. Prabu Suryabawana uga kondhang minangka ratu sing asih marang sadhengah kewan. Salah sijine kewan sing dadi klangenane sang prabu yaiku pitik babon lan kuthuke cacah sanga.